Tembung Panyeru

Tembung panyeru utawi asring kasebat Tembung panguwuh utawi Tembung sebawa, punika tembung ing Basa Jawi ingkang nggambaraken wedharing raos suka, kagèt, kuciwa, gela, gumun, lan sapiturutipun.

Tuladhanipun: adhuh, ah, hé, lho, lha, o, oh, nah, wah, hah, heh, hus, hi, sokur, horé, walah, tobat, yahud, ta, mbok, jé, kok, dhing, tak.

Sanèsipun ingkang kasebat ing nginggil, wonten ugi tembung panyeru ingkang kasar ingkang kaucap nalika nembé duka, kanthi nambahaken panambang -mu dhumateng pérangan inggih jalmi. Tuladha: ndhasmu, matamu lan sapanungggalipun.

Tembung sabawa

Tembung sabawa (kata seru) utawa Interjeksi yaiku tembung kang ora duwé teges dhéwé, nanging mratelakake sarasaning atine wong kang ngucapake; dadi wis prasasat ukara.

Tembung iki kena kapérang dadi 6 warna, yaiku:

  • Sabawaning samubarang kang kaprungu. Kaya ta: thik, thek, thok, ther, dhor, krosak, blug, lsp.
  • Sabawaning samubarang kang katon. Kaya ta: santiyeng, grudug, blas, lap, nyat, lsp.
  • Sabawaning pangungun (getun). Kaya ta: wah, tobil, biyang/biyah, toblas, lsp.
  • Sabawaning suka (bungah). Kaya ta: hore, huse, heee.
  • Sabawaning kaget (ora kanyana). Kaya ta: lho, lah, dalah, lah dalah, wadhuh.
  • Sabawaning kacuwan (prihatin). Kaya ta: hus, dhuh, lho, e, o, blahi, lsp.

Tags:

Basa Jawa

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

JepangSurat Al 'AlaqDBernie SandersSetuTsumugi AkariTakbirKuwaitSeni rupaBopomofoGSpacetoonNidjiMoldhopha1986AsmaradanaJazzSpritus2002StegosaurusKabupatèn Karanganyar8Emprit kajiSirimavo Bandaranaike86Surat Adh DhuhaUtah1903Prejanjèn AnyarRamadanAstinapuraGim komputerOksigènAbad ping 19FijiSesorahKalanjana24MaliRuwatanFK Banga1934BakuLinuxWiki FoundationOrbitRumeniA.F.C. WimbledonPersija JakartaVlad ŢepeşTajikistanPratélan pawiyatan luhur swasta ing JakartaTokaido Shinkansen1SimaCacah sirahSurat Al Anbiyaa’AtomDasanamaPolenParto PatrioSurat Al Jin2023Paus HyginusJanet JacksonWikipédia basa JawaSusuSpongeBob SquarePants2000Go, Dog. Go! (serial TV)Windows Vista🡆 More