Tapak Dara

Tapak dara ya iku perdu taunan kang asalé saka Madagaskar, nanging wit iki wis nyebar ana ing tlatah-tlatah tropika liyané.

Tapak dara
Tapak Dara
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Gentianales
Famili: Apocynaceae
Génus: Catharanthus
Spésies: C. roseus
Jeneng binomial
Catharanthus roseus
(L.) G.Don
Tapak Dara
Catharanthus roseus

Jeneng ilmiah saka wit iki ya iku Catharanthus roseus (L.) Don. Ana ing Indonesia wit pekarangan dadi petetan lan duwé jeneng liya kaya sindapor (Sulawesi), kembang tembaga (basa Sunda), lan kembang tapak dårå (basa Jawa). Wong-wong saka Malaysia njenengi wit iki kemunting cina, pokok rumput jalang, pokok kembang sari cina, utawa pokok ros pasisir. Ana ing Nagara Filipina, wit iki dikenal karo jeneng tsitsirika, ana ing Vietnam hoa hai dang, ing Cina chang chun hua, ing Inggris rose periwinkle, lan ana ing Walanda duwé jeneng soldaten bloem.

Dhèskripsi

Wit iki asalé saka wewengkon wétan tengah. Wit jinis iki bisa urip ana ing dhataran cendhèk nganti tekan dhataran kang dhuwuré 800 mèter ana ing sandhuwuré lumah sagara, nanging wit jinis iki luwih bisa urip ana ing panggon terbuka, lan uga ora nutup kemungkinan bisa uga urip ana ing panggon liyané. Wit iki uripé nyamping lan bisa dhuwur nganti tekan 0,2-1 mèter. Godhong saka wit iki mbentuk bunder endhog, wernané ijo kang kasusun nyirip selingan. Dawané godhong sakiwa-tengené 2–6 cm, ambané 1–3 cm, lan pang lan godhongé duwé kandhutan lateks kang wernané putih. Kembangé aksial (metu saka ketiak daun). Kelopak saka kembangé cilik, mbentuk paku. Makutha kembangé duwé wujud kang kaya trompèt, pucuké amba, wernané putih, biru, jambon utawa wungu gumantung saka kultivaré. Woh saka wit iki dhapuré silinder, pucuké lancip, ana rambuté, dawané udakara 1,5 - 2,5 cm, lan wijiné ana akèh.

Kandhutan

Tuwuhan hérba iki ngandhut komponèn antikanker, ya iku alkaloid kaya ta vincaleukoblastine, leurocristine, leurosin, vinkadiolin, leurosidin, katarantin. Alkoloid duwé khasiat hiplogonik (kanggo ngudhunaké kadhar gula getih) kaya leurosin, katarantin, locherin, tetrahidroalstonin, vindolin, vindolinin. Oyodé ngandhut alkaloid, saponin, flavonoid, tanin.

Cathetan suku


Tags:

Basa JawaBasa SundaCinaFilipinaIndonesiaInggrisMadagaskarMalaysiaPekaranganPerduSulawesiTropikaVietnamWalandaWit

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Fakhri SemekotVeve ZulfikarKalanjanaRama TambakDramaErling HaalandKarajan ManunggalKarnaSurat LuqmanPakuburan al-BaqiGambyong pareanomFlorentino PérezWayang sadatSurat Al BaqarahSinomAngklungSurat Al 'AlaqHak ciptaLaos (bumbu)BiruWunguMeisya SiregarSiramanJepangPutri Kuswisnu WardaniNASAUkara gothangTumpengKumbakarnaIbnu KhaldunFilipinaImam BonjolGiovanni van BronckhorstGong YooIwan FalsGulagDavid BeckhamSinarmas GroupGunung KawiSiputWesiPheng Xat LaoSajarah IndonésiaTembung sesulihCatherine WilsonGoogleMidodareniPetualangan sherinaꦭꦸꦩ꧀ꦥꦁTom CruiseUdohLos AngelesKutha SurakartaKleponJenang sungsumRante MasJawa Tengah2020Kuwé pancongAngga Aldi YunandaJoko WidodoWektu Universal KakoordhinasiChrisyeNovèlSerat CenthiniSurya InsomniaKomètYérusalemÉgrangChairul TanjungMahabharataZora VidyanataSenggono🡆 More