Tèks Calon Arang

Tèks Calon Arang yaiku kalebu salah sawijining karya sastra Bali.

Miturut lumakuné sejarah Sastra Bali jumedhul pirang-pirang tèks kang sumberè saka Calon Arang. ANa kang tinulis kanthi ngugemi keaslianè, ana uga kang digubah menyang karya kang beda yang dijumbuhakè karo genre lan pandangan urip pujangga ing jaman lairé karya sastra kasebut. Akibaté akeh tinemu karya sastra turunan utawa sadhuran ngennai Calon Arang. Ana tèks Calon Arang kang awujud gancaran, ana uga kang awujud tembang, yaiku kidung dan geguritan utawa parikan.

Tèks Calon Arang
Beksan Calon Arang

Sejarah

Tèks Calon Arang senadyan tuwuh lestari ing bebrayan Bali, jebul akèh kang diperbawani saka Jawa Kuna. Karya sastra Jawa Kuna kang mekar ing pulo Jawa, utamanè ing punjeré kraton Hindhu, yaiku sadurunge jaman Kedhiri, Singasari, lan Majapahit. Ing wektu semono kasusastran Jawa Kuna akèh banget gunggunge kang diripta lan disebaraké ing satengahing bebrayan Jawa Kuna. Tèks Calon Arang duwèni gegayutan kalawan sejarah Jawa- Bali. Tinemu peninggalan-peninggalan kang kenceng gandhèng cènèngé karo téma Calon Arang, yaiku praktèk kapitayan kang memuja marang Bathari Durga lan wewujudané sarta unsur Tantrayana.

Kahanan saiki

Ing saterusé jalaran anane sesambungan dhiplomatik antara Jawa lan Bali, Calon Arang dadi salah sawijining bukti. Jumedhulé carita Calon Arang sajeroning bebrayan Bali ing pirang-pirang tèks kasebut, bebrayan Bali ngupaya kanggo ngurip-uripi carita kasebut kanthi cara dadèkaké minangka beksan kang bisa dipéntasaké, dhasaring gawé rèlièf ing pura-pura, patung lan lukisan. Tèks Calon Arang ngrembaka ing tradhisi lisan, tèks kasebut uga dianggo minangka dhasar seni wayang Bali, sendratari, lan beksan Barong Rangda yang dadi tradhisi turun-tumurun.

Kapustakan

Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

WatakMaskumambangCandhiSepongꦥꦸꦱꦸꦠ꧀WikinewsKumarinMohamed Ahmed NassarAline AditaꦗꦏꦮꦶꦢꦢPanganan tradisionalAnsel AdamsOmah LimasanRujak CingurBumiRakunIwak pitikIrfan HakimSurat Al MuzzammilSurat Al QadrPangéranFilippo InzaghiSrabiSunan MuriaTaman Sari NgayogyakartaSekatènCamp NouPariwaraHeather StormHacker & Koch G36PlanètGirls' GenerationSistem koordhinat géyografisÉjaan Basa JawaVatikanKarbon dioksidaꦏ꧀ꦊꦤ꧀ꦛꦶꦁSasandoHak ciptaAgnes MonicaIsabeau saking BavariaKedhawungPadusan1998BulusKhalil GibranPlanèt cilikMeteorErisAhmad DahlanKucingSurjanJenang sungsumKa'bahPukisSon Heung-minJaringsanaWWE SmackDownDinda KiranaRaja Ali HajiWali BandRuslanSepasaranWidy Soediro NichlanyBathikTedhak sitènLee Min HoMijilPitulungIan KaselaAgus Harimurti YudhoyonoSandy WalshHaumeaNike ArdillaYusril Ihza Mahendra🡆 More