Pusat Data Dan Informasi Kamentrian Pertahanan Indonesia

Pusat Data dan Informasi Kamentrian Pertahanan utawi ingkang asring dipuncekak Pusdatin Kemhan inggih punika unsur pelaksana tugas tartamtu ingkang mapan wonten ing sak ngandhaping Kamentrian Pertahanan Indonesia.

Pusdatin Kemhan gadhah tugas kanggé nindakaken pembinaan, pengembangan, lan standardisasi teknis saha evaluasi kawicaksanan ing babagan sistem informasi lan persandian saha tèknologi informasi ing lingkungan Kamentrian Pertahanan. Déné fungsi saking Pusdatin Kemhan inggih punika kados makaten:

  1. Nyamektakaken rumusan kawicaksanan lan standarisasi taknis ing babagan pangrembakaning sistem informasi lan persandian saha tèknologi informasi kamentrian
  2. Nyusun standar, norma, pedoman, kriteria, lan prosedur ing babagan pangrembakaning sistem informasi lan persandian saha tèknologi informasi kamentrian;
  3. Nindakaken saha paring evaluasi pangrembakaning sistem informasi lan persandian saha tèknologi informasi kamentrian;
  4. Paring pelayanan sistem komputer lan sistem komunikasi data saha sistem persandian kamentrian;
  5. Ngelola data lan informasi saha dokumentasi lan kapustakan pusat;
  6. Mbina keahlian pranata komputer lan persandian kamentrian
  7. Ngrencanakaken program lan anggaran saha ketatausahaan lan kerumahtanggan pusat.
Pusat Data Dan Informasi Kamentrian Pertahanan Indonesia
Pusdatin Kemhan

Sajarah

Wiwit sepisanan ngadeg ngantos sapunika, pusdating asring gontas- gantos nama lan struktur organisasi, makaten ugi kaliyan kegiyatanipun, punika ngengingi kanthi ngrembakanipun tèknologi informasi ingkang langkung majeng, dados punika nyurung para anggota Pusdatin kanggé tansah ningkataken kinerja lan kualitasipun sumber daya manungsa. Prosès éwah- ewahaning Pusdatin kagambar kados andharan ing ngandhap punika.:

  1. Data Processing Center Hankam
  2. Puspullahta Hankam (1975 - 1982)
  3. Puspullahta Hankam (1982 - 1984)
  4. Biro Pullahta Hankam (1984 - 1990)
  5. Pusinfolahta Dephankam (1990 - 2000)
  6. Pusdatin Dephan (2000 - 2009)
  7. Pusdatin Kemhan (2009 - sapunika)

Struktur Organisasi

Pusdatin Kemhan kapérang dados:

  • Pérangan Tata Usaha;
    • Sub pérangan program dan laporan
    • Sub pérangan administrasi kalungguhan fungsional
    • Sub pérangan umum
  • Babagan Pengembangan Sistem Informasi Pertahanan;
    • Sub babagan sistem aplikasi
    • Sub babagan pengumpulan dan pengolahan data
    • Sub babagan sistem komunikasi data
  • Babagan Panjurung Operasional;
    • Sub babagan pemeliharaan sistem komputer
    • Sub babagan pemeliharaan sistem komunikasi data
    • Sub babagan operasional sistem informasi
  • Babagan Informasi dan Sandi;
    • Sub babagan pengamanan informasi
    • Sub babagan sistem persandian
    • Sub babagan operasional persandian
  • Kelompok kalungguhan fungsional

Cathetan suku

Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

DhéfinisiBeksan ÈthèngBangladeshLeche fritaAmstelveenCharlize TheronMatématikaGuamUbalokaGyeran-mariMahamantri Karajan ManunggalSrah-srahanWikipédia basa JawaKolésterolWasudewaUkuléléYouTubeResi KowaraWisnuPandhu2009PranatacaraLee Jong-sukKembang kembojaSepongPrastawa Budaya1966Harry Potter and the Sorcerer's StoneKalkulusMaltaAksara NusantaraBerlinParto PatrioAyu Oktasari2010Andrés IniestaBeksan Guntur SegaraGPiBekicotPatih PringgalayaKaligrafiSufisme1969SopranLogikaUBlock Origin94ManungsaSusuAsiaGezerPanganan mentahKajiBiskopTèhBonangSekseBasa InggrisWalandaWonder WomanAksara CarakanAsia TengahRumeniOsloSandiaga UnoWong JawaJabolKasunanan SurakartaWayang kulitSurat Al QiyaamahFC Schalke 04Euklides🡆 More