Préfèktur Fukushima (島根県, Fukushima-ken?) inggih punika salah satunggaling prefektur Jepang ingkang mapan wonten ing wewengkon Tohoku, Pulo Honshu, Jepang .
Kutha krajanipun punika kutha Fukushima.
Fukushima Prefecture 福島県 | |||
---|---|---|---|
Prefecture | |||
Trankripsi Japanese | |||
• Japanese | 福島県 | ||
• Rōmaji | Fukushima-ken | ||
| |||
Country | Japan | ||
Region | Tōhoku | ||
Island | Honshu | ||
Capital | Fukushima (city) | ||
Subdivisions | Districts: 13, Municipalities: 59 | ||
Pamaréntahan | |||
• Governor | Masao Uchibori | ||
Laladan | |||
• Gunggung | 13,783,90 km2 (5,32.199 sq mi) | ||
• Urut laladan | 3rd | ||
Cacah warga (June 1, 2019) | |||
• Gunggung | 1,848,257 | ||
• Urut pepadhet | 20th | ||
• Pepadhet | 0,13/km2 (0,35/sq mi) | ||
Kodhe ISO 3166 | JP-07 | ||
Situs wèb | www |
Prefektur Fukushima rumiyinipun punika péranganing Provinsi Mutsu. Wewengkon Jepang ing kiwa-tengené Fukushima kawéntar kanthi sebatan Michinoku utawi Ōshū.
Fukushima kalebet prefektur paling kidul wewengkon Tohoku, ugi kalebet wewengkon Tohoku ingkang paling caket kaliyan Tokyo. Prefektur punika kapérang larikan paredèn dados tigang wewengkon, inggih punika(saking kilèn mangétan) Aizu, Nakadori, lan Hamadori. Wewengkon pasisir wewengkon Hamadori madep marang Samodra Pasifik ugi kalebet laladan ingkang paling rata mawi iklim sedhengan. Kutha Fukushima ingkang dados kutha krajan prefektur mapan wonten ing wewengkon Nakadori ingkang dados pusat produksi tetanen. Wewengkon Aizu ingkang mawi paredèn gadhah tlaga, wana, lan mangsa adhem mawi salju .
Wonten sapérangan kutha alit lan désa ing saben distrik.
|
|
|
Tanggal 1 Maret 2005 kutha-kutha Funehiki, Ogoe, Takine, lan Tokiwa sarta Désa Miyakoji—sadaya mapan wonten ing Distrik Tamura, kagabung lan damel kutha Tamura.
Ing 1 November 2004 désa ingkang kala rumiyin punika anama Kitaaizu aking Distrik Kitaaizu (distrik dipunbusak bibar panggabungan punika) kagabung kaliyan kutha Aizuwakamatsu.
Laladan pasisir wiwit rumiyin kalebet pusat ulam lan indhustri pangolahan dhaharan sagara. Sapunika kawéntar minangka indhustri listrik lan pembangkit listrik mawi tenaga nuklir. Ékonomi ing wewengkon dharatan gumantung marang produk tetanèn. Kutha Fukushima kawentar ugi minangka indhustri piranti alus lan piranti èlèktronik.
Legenda nyariosaken babagan jin ingkang mangan manungsa kanthi nama Adachigahara ingkang wonten ing dharatan Adachigahara. Dharatan papan jin Adachigahara punika mapan wonten ing celakipun kutha Fukushima.
Cithakan:Fukushima
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Préfèktur Fukushima, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.