Piranti Alus

Piranti alus (basa Indonésia: perangkat lunak utawi peranti lunak; basa Inggris: software) inggih punika kempalan data elektronik ingkang kasimpen lan dipunatur déning komputer.

Data ingkang kasimpen wonten ing komputer punika saged awujud program utawi instruksi ingkang badhé nglampahaken siji perintah . Pangertosan sanès saking piranti alus punika siji program ingkang kadamel kanggé nglampahaken piranti kasar komputer. Piranti alus ugi minangka penghubung antawisipun manungsa kaliyan piranti kasar ingkang ginanipun kanggé alih basa saking basa manungsa dhateng basa mesin saéngga piranti kasar komputer saged mangertos maksud pengguna saha saged nglakoni perintah lajeng maringi asil marang pengguna.

Fungsi

Piranti alus wonten ing komputer punika ginanipun kanggé:

  • idèntifikasi program
  • nyiapaken aplikasi program saéngga tata kerja sadaya piranti komputer kekontrol.
  • ngatur lan damel karya langkung efisièn

Macem-macem piranti alus

  1. Sistem operasi komputer. Sistem operasi punika penghubung antawisipun pengguna saking komputer kaliyan piranti kasar komputer. Sadèrèngipun wonten sistem operasi, manungsa namung ngginakaken komputer kanthi nganggé sinyal analog lan sinyal digital. Sesarengan kaliyan majenging pangetahuan lan teknologi, sapunika wonten macam-macem sistem operasi kanthi kaluwihanipun piyambak-piyambak. Tuladhanipun Windows, Ubuntu, Macintosh, DOS, Linux, lan Apple System.
  2. Driver piranti kasar.
  3. Firmware. Piranti alus firmware punika satunggaling program ingkang wonten prentah-prenath utawi instruksi ingkang wonten ing ROM (Read Only Memory).
  4. Piranti alus basa (language software). Piranti alus basa punika program ingkang dipun-ginakaken kanggé narjemahaken préntah-préntah ingkang dipuserat ing basa pamograman dhateng basa mesin supados saged dipuntampi lan dipunmangertosi déning komputer. Basa tingkat inggil (High Level Language) punika basa ingkang gampil dipunmangertosi éning sinten kemawon ingkang ngginakaken basa padintenan. Basa tingkat inggil sapunika saged dipun-ginakaken kanggé ndamel program-program aplikasi kanthi basis bisnis utawi sains. Tuladhanipun: Basic dBase, Cobol, Pascal C++, Visual Basic, Visual Foxpro, Delphi, PHP, lan taksih kathah malih.
  5. Piranti alus aplikasi. Piranti alus aplikasi punika piranti ingkang biyasa dipun-ginakaken déning sinten kemawon kanggé mbiyantu pakaryanipun amargi piranti alus awujud aplikasi punika gampil dipun-install wonten ing komputer. Piranti punika saged dipundamel kalih kelompok, inggih punika:
  • Program aplikasi, punika program ingkang dipundamel langsung déning progammer miturut kabetahan individu utawi perusahaan. Tuladhanipun Program penggajian karyawan (payroll), program kasir, program billing warnet lan sanès-sanèsipun.
  • Program paket, punika program mirunggan kanthi paket-paket tartamtu ingkang dipundamel déning rumah software utawi langsung bawaan saking sistem operasi. Tuladhanipun Program pangolah tembung, Program pangolah angka, progra, presentasi, program désain grafis, program animasi, program multimedia, lan sapanunggalipun.
  1. Piranti alus gratis (freeware)
  2. Piranti alus pangrusak (malware).

Cathetan suku

Tags:

BasaBasa IndonésiaBasa InggrisKomputerManungsaMesinPiranti kasar

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Barbie HsuAksara BaliXXX (filem 2002)TitilarasGeniMahabharataWoh nagaManuel RoxasGlenn FredlySepurHabib Muhammad Luthfi bin YahyaBalap nèkerIbuprofénRamayanaTauhidTimun suriPelem1797Mikèl ArtétaChantal Della ConcettaJeprètanBasa RuslanLyman Frank BaumHarpaÈnsiklopédhiLunpiaGajahSuhuNasionalismeVolansJay IdzesArjunaTarubAyam TaliwangNathan Tjoe-A-OnPariwaraKolintangGamelan JawaAntarejaISO 3166-1Kakaisaran Romawi SuciAlan TuringFilipinaRamaTembang dolananSiterTembung sipatTedhak sitènKethoprak JawaSugriwaTèknologi informasiMumiWayangMikul dhuwur, mendhem jeroRyamizard RyacuduDelimaKumbakarnaKerata basaMateri petengGathotkacaꦈꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀TetanènNikolas saka MyraMarco van BastenTawangmangu, KaranganyarDyah Pitaloka CitraresmiSujiwo TejoKoréa LorAsiaArief Yudi RahmanNagaraNgilé, Tulakan, Pacitan🡆 More