Paul Mccartney

Sir Paul McCartney, KBE (lair ing Liverpool, Inggris, 18 Juni 1942; umur 81 taun) punika satunggalipun penyanyi, pangripta lagu, lan komposer saking Inggris.

Paul McCartney
Paul Mccartney
Paul McCartney ketika konser di Praha, 2004
Pratélan latar wuri
Jeneng lairJames Paul McCartney
GénreMusik rock, pop rock, psychedelic rock, experimental rock, rock and roll, classical, pop
Pakaryanpenyanyi-penulis lagu, musikus, artis, aktivis
PirantiGitar bass, gitar, piano, keyboards, drums, mandolin, vokal
Mangsa akarya1957—sekarang
LabèlHear Music
Apple Records
Parlophone Records
Capitol Records
Columbia Records
EMI Music Group
Sing magepokanThe Beatles, The Fireman, The Quarrymen, Wings
Sana jaringanwww.paulmccartney.com
Piranti wigati
Hofner 500/1
Rickenbacker 4001S
Gibson Les Paul
Epiphone Casino
Epiphone Texan

Panjenenganipun misuwur minangka salah satunggalipun personil The Beatles ing taun 1960-1970 lan grup Wings taun 1971-1981. McCartney punika satunggalipun musisi ingkang sukses lan dipunaturi kanugrahan saking Guinness Book of Records minangka penyanyi ingkang sukses sepanjang masa kanthi 60 platinum lan 100 singel ingkang dipunsade ing Inggris. McCartney misuwur amargi dados satunggalipun personil The Beatles, kaliyan John Lennon, George Harrison, lan Ringo Starr. McCartney lan John Lennon dados musisi ingkang populer ing sajarah musik rock. Sasampunipun medal saking grup The Beatles, McCartney dados solo karier lan mlebet grup band Wings kaliyan garwanipun, Linda Eastman lan musisi Denny Laine. BBC News Online nyerat namanipun McCartney minangka "greatest composer of the millennium" (komposer paling ageng ing abad milenium). BBC News ugi nyerat bilih lagu The Beatles "Yesterday" dados satunggalipun lagu ingkang paling sukses sadangunipun rekaman ngalahaken 2.200 artis wiwit dipunrilis ing taun 1965. Lagu punika sampun dipunstel ngantos 7.000.000 ing televisi lan radio Amérikah Sarékat.

Cathetan suku

Pranala njawi


Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

GuyanaTembung wilangan babonDasarata1912Ula marani gebugWohRama TambakGeorg Wilhelm Friedrich HegelWong JawaCut KekeMiguel Arraes (aktor)3Nikosia Lor2023BlangkonSakePapaPiranti gamelan JawaPatih SuwandaAljabarSurat Al IkhlashAdobe Flash Player6419032007Martin SuryajayaLukisan lengaAfrikaUtahMalaysia45LesmanaNagaraRambakSurat MuhammadGedhangPaculParamasastra JawaYuri GagarinStephanie HandojoAsuPeking (gamelan)2018ThaiDasanama6 AgustusPuraSpektrum elektromagnetikBal-balanBanyuIklanBale Sigala-galaSepasaran581Uni SovyètWirangrong1959Karajan Manunggal7WajikMary Morrissey (Panulis)PlutoDisney ChannelGarèngGiyarswaraSetuTrontongSurat Al 'AlaqJepangPada pangkatHeather Storm🡆 More