Park Bom

Park Bom (Koréa: 박봄, Jepang: パク・ボム) (lair 24 Maret 1984; umur 40 taun), ya iku penyanyi K-pop.

Lair ing Seoul, Koréa Kidul, nanging banjur pindhah Amérikah Sarékat sinambi sinau basa Inggris. Saiki dhèwèké minangka anggota lan vokalis grup 2NE1 saka label YG Entertainment.

Park Bom
Park Bom (2019)

Wiwit taun 2006, Park rekaman bareng kanca kang sa-label kaya ta Big Bang, Lexy, lan Masta Wu. Nalika taun 2008, dhèwèké dadi bintang vidéo musik Kim Ji Eun, "Tell Me Once More". Taun 2008, dhèwèké wiwit debut karo 2NE1 minangka vokalis utama.

Park duwé rong singel solo kang wus dirilis ya iku "You and I" lan "Don't Cry". "You and I" bisa olèh nomer siji ing Gaon Chart, tangga lagu nasional musik Koréa. Lagu iki uga bisa menang "Best Digital Single" ing Mnet Asian Music Awards nalika taun 2010.

Babad slira lan karir

Urip awal

Park Bom lair ing Seoul, Koréa Kidul minangka anak kaping pindho. Nalika kelas 6, dhèwèké menyang Amérikah Sarékat kanggo nerusaké sekolah. Lulus saka SMA Gould Academy ing Bethel banjur ndaptar jurusan psikologi Lesley University. Dhèwèké seneng musik amarga Mariah Carey. Amarga ngrungokaké lagu Mariah Carey pas wayahé madhang bisa marai lali olèhé madhang. Pepinginané duwé karir ing bab musik ora direstoni marang wong tuwané. Nanging amarga disengkuyung marang buliké, Park dipindah ana ing Berklee College of Music kanggo nggayuh karir musik sing disenengi.

2005-2008: Awal karir

Park Bom mèlu audisi supaya dadi penyanyi ing YG Entertainment, nanging bola-bali ditolak. Sawisé telung taun, akhiré ditampa lan dadi peserta pelatihan. Park dadi bintang ana ing rong singel saka telung singel paling awal nggoné Big Bang ing lagu "We Belong Together" lan "Forever With You". Bom uga kolaborasi karo Lexy lan Red Roc ing "Baby Boy" lan "Along My Way". Nalika 2008, dadi bintang vidéo musik Kim Ji Eun, "Tell Me Once More".

2008-saiki: Debut karo 2NE1

YG Entertainment mbiwara manawa grup anyar kang dumadi saka patang anggota lan debut ing sasi Mèi 2009. Perusahaan iki ngandharaké manawa grup iki wus dilatih patang taun lan album debut bakal diisi lagu-lagu kang digawé pamimpin 1TYM, Teddy Park lan G-Dragon saka Big Bang. Jeneng grup iki mulané "21", nanging amarga wus ana penyanyi kang jenengé padha, kelompok iki ganti jeneng dadi "2NE1", ing kana "NE" ya iku singkatan saka "New Evolution". Bom ing 2NE1 minangka vokal utama nyandingi CL, Minzy lan Sandara Park.

Grup iki kerja sama karo kanca sa-label, Big Bang ing lagu "Lollipop". Lagu iki bisa suksès, nanging isih ana pitakonan manawa grup iki bisa madeg dhéwé apa ora.

2NE1 wiwit debut ing The Trend Music SBS 17 Mèi 2009 lan nampilaké singel digital, "Fire" kang diprodhuksi déning Teddy Park. Sawisé rilis album mini 2NE1 (EP), kelompok iki wiwit promosi lagu "I Don't Care". Album mini iki ana ing nomer 3 ing "Best-selling Album of 2009" Hanteo bisa ngedol punjul 100.000 èksemplar.

Sawisé réhat, kelompok iki rilis singel kejutan "Follow Me" kang manggon ing nomer siji Gaon Chart. Singel iki diarani kejutan kanggo para penggemar saka Thailand.

Park Bom 
Park Bom nalika konser ing Hanoi, Vietnam. (2011)

Sasi Oktober 2010, 2NE1 wiwit gawé album penuh, To Anyone yang dirilis pada tanggal 9 Sèptèmber 2010. Promosi diwiwiti kanthi nampilaké telung judhul lagu saka album iku, "Clap Your Hands", "Go Away" lan "Can't Nobody". Sawisé promosi, lagu liyané "It Hurts (Slow)" dirilis ing 31 Oktober kanggo Halloween. Album iki bisa suksès banget lan 2NE1 bisa menang 11 penghargaan ing warna-warna acara musik saka promosi. Album iki bisa payu punjul 150.000 èksemplar.

Kagiatan solo

Sasi Agustus, sawisé rampung promosi "I Don't Care", 2NE1 njupuk cuti sawatara kanthi saben anggota gawé rilis singel solo. Singel Bom kanthi judhul "You and I" bisa dadi performa terbaik saka telung singel solo iku lan ana ing nomer siji Gaon Chart sasi November. Singel iki menang Best Digital Single ing Mnet Asian Music Awards taun 2010.

Pungkasaning taun 2010, Bom tampil ing singel GD & TOP, "Oh Yeah" kanggo album kolaborasi pertama. Bom uga ana ing lagu lan video musik vèrsi Jepang. "Oh Yeah" dadi puncak ing nomer loro ing Gaon Chart nalika dirilis.

Taun 2011, Bom arep gawé singel digital anyar kang rilis sadurungé promosi 2NE1 album mini sing anyar. Lagu iki judhulé "Don't Cry" lan dirilis tanggal 21 April 2011. "Don't Cry" kasil dadi pucuking warna-warna tangga lagu digital Koréa Kidul.

Kanggo Infinite Challenge Seohae Ahn Highway Song Festival 2011, G-Dragon Big Bang kolaborasi karo Park Myung Soo kanggo gawé duo kang diarani GG. Bom tampil ing lagu iku kang judhulé "Having an Affair". Lagu iki banjur dadi pucuking tangga lagu musik Koréa.

Gaya lan prabawa musik

Park Bom ya iku penyanyi Pop lan R&B. Bom ngandharaké manawa penyanyi Amérikah Sarékat, Mariah Carey, minangka salah sijining prabawa kang gedhé dhéwé kanggo dhèwèké terjun ing donya musik. Semana uga, Beyonce iku salah siji wong kang dadi panutané, amarga dhèwèké péngin "duwé vokal sing kuat lan [...] pertunjukan sing kuat kaya dhèwèké". Bom nyathet hip-hop lan R&B minangka genre musik kang dadi senengané. Donga.com ngandharaké manawa swara serak Bom, manteb ing nada dhuwur, lan gaya eksotis Bom gampang dibedakaké.

Diskografi

Singel

Taun Judulč Posisi puncak Album
Gaon Chart
2006 "Anystar" (Ft. G-Dragon & Gummy) non-album
2009 "You and I" 1 To Anyone
2011 "Don't Cry" 1 2NE1 2nd Mini Album
"—" nduduhake perilisan sing ora lumebu tangga lagu utawa ora dirilis ing wewengkon iku..

Penampilan bebarengan

Taun Judhul Posisi puncak Album
Gaon Chart
2006 "We Belong Together" (Big Bang Ft. Bom) Singel Pertama
"Anystar" (Lee Hyori Ft. Bom & Lee Junki) non-album release
"Forever with You" (Big Bang Ft. Bom) Singel Katelu
"Along my Way" (Red Roc Ft. Bom)
2007 "Baby Boy" (Lexy Ft. Bom) RUSH
2010 "Oh Yeah" 2 GD & TOP
2011 "I Cheated" (G-Dragon & Park Myungsoo Ft. Bom) 1 Infinite Challenge "West Coast Highway Music Festival"
"—" nduduhake perilisan sing ora lumebu tangga lagu utawa ora dirilis ing wewengkon iku.

Filmografi

Film

  • 2009: Girlfriends (Koréa: 걸프렌즈) (kameo)

Televisi

  • 2009: 2NE1 TV (Mnet)
  • 2009: Style (Koréa: 스타일, SBS) (kameo)
  • 2010: 2NE1 TV Season 2 (Mnet)
  • 2011: 2NE1 TV Season 3 (Mnet)

Penghargaan

Taun Nominasi Penghargaan
2009 You and I Cyworld Song of the Month — November
2010 Mnet Asian Music Awards "Best Digital Single"

Réferènsi

Pranala njaba

Tags:

Park Bom Babad slira lan karirPark Bom Kagiatan soloPark Bom Gaya lan prabawa musikPark Bom DiskografiPark Bom FilmografiPark Bom PenghargaanPark Bom RéferènsiPark Bom Pranala njabaPark Bom198424 Maret2NE1Amérikah SarékatBasa InggrisBasa JepangBasa KoréaK-popKoréa KidulPenyanyiSeoulYG Entertainment

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Anang HermansyahKethukMálagaTobey MaguireKresnaMangsa katigaBasa MaltaAngka JawaInul DaratistaJesse JamesPulusAremaSurat An Nisaa’Basa ngokoWikipédia basa JawaGajah gajahHibiki Ōtsuki1578Kabinet Persatuan NasionalLee Min HoFacebookJay IdzesSandhanganCrash Landing on YouKenongBrexitIklanKabupatèn MorowaliTyo NugrosStadion Jassim Bin HamadSinarmas GroupParikanSaturnusKartiniMa Dong-seokAlamKerisSpanyolYodiumRizky Nazaram6b0Mi ongklokPanambangKegHamka HamzahKarnaNapoléon BonaparteIvan GunawanAlgaKarbonAhmad DahlanPurwakanthiforexPananggalan JawaMicrosoft WindowsLelara koronavirus 2019Kuwé lapisSurat Al 'AlaqPrasasti YupaBanjirAndy LauSadéwaSisingamangaraja XIITombiliSurat Adh DhuhaIndonKabupatèn FakfakDjauhariTitiek PuspaPanulisé tembung peprenahanLiputan 6 PetangKeshogunan TokugawaSepfy LiaTèknologi informasiSurtanahTom Cruise🡆 More