Optimus Prime

Cithakan:Infobox Transformers Optimus Prime (Convoy ing versi Jepang) inggih punika asma kanggé karaktèr rékan lan tokoh protagonis saking serial The Transformers.

piyambakipun punika pemimpin grup Autobots. Optimus inggih punika salah satunggaling karakter Transformers ingkang paling dipuntepangi déning masyarakat donya, sasanèsipun Megatron, Starscream, Soundwave, Ironhide, Wheeljack lan Bumblebee.

Optimus Prime
Representación artística de Optimus Prime en un centro comercial en Pattaya.
Optimus Prime
The original Optimus Prime toy patent design. Art by Hiroyuki Obara.
Optimus Prime
A Peterbilt 379 used in Transformers to portray Optimus Prime's alternate mode.
Barkas:Optimusprime-rotf-leader.jpg
Revenge of the Fallen Leader Class Optimus Prime figure
Barkas:Optimuscartoon.
Optimus Prime original versi TV 1980-an

Transformers G1

Profil

Optimus Prime inggih punika karakter utama saking sèrial Transformers. madhégani autobots kanggé ngadhepi sedaya kadurjanan ingkang dipunlampahi déning Decepticons dalah pemimpinipun, inggih Megatron. Optimus Prime nglabuhaken piyambakipun kanggé mbélani kabecikan ing Cybertron, bumi, lan ugi alam donya. Piyambakipun kawentar saking tumindakipun ingkang werit lan ugi dipunajèni déning sadaya anggota Autobots, lan sapérangan saking Decepticons.

Modhèl alternatip asli Optimus Prime inggih punika truk trailer kanthi mesin ingkang wonten ing salebeting kabin. Ing dhadhanipun sumimpen sawijining mustika ingkang dipunarani Autobot Matrix of Leadership, ingkang Optimus Prime warisi saking Sentinel Prime, lan ing samangké kawarisaken dateng Rodimus Prime sasampunipun Optimus pejah. Sawetara pérangan awak ingkang sanès inggih kontaineripun, saged malih dados sawijining mobile battle-station , lan ugi sawijining mobil buggy ingkang éstu migunani kanggé nglimpé mlebet ing daerah mengsah ingkang sempit lan kathah bebaya. Sedaya pérangan wau gadhah sesambetan kaliyan awakipun Optimus lan punika boten badhé saged selamat manawi Optimus boten turun tangan sami piyambakipun.

Déné kanggé pangisi swanten, Optimus Prime versi basa Inggris kaayahi déning aktor Kanada, Peter Cullen. wondéné ing versi basa Jepang déning Tessho Gendha kejawi episode ing season kalih, Masquerade, ingkang kaayahi Roger C. Carmel dados pengisi swanten versi basa Inggris.

Serial animasi

Season 1

Purwaning cariyos kawiwitan saking 9 yuta taun ingkang kapengker nalikanipun jaman Cybertron, Optimus taksih asma timur Orion Pax, robot taruna ingkang temen, sregep, sarta kapribadhèn nengsemaken. Piyambakipun gadhah sir-siran ingkang sesulih Ariel lan mitra ingkang namanipun Dion. Orion nyataaken menawi kasengsem marang Megatron lan balanipun, amargi grup Decepticons ngggadhahi kadigdayan rupi miber ing ngakasa. Nanging nalika samanten Megatron nggadhahi gegayuhan badhe ngrebut ènergi saking gudhangipun Orion lan nedhahaken polat kang serik. Orion, Ariel, lan Dion lajeng diperjaya déning Megatron.

Tan kadhuga, kelompok Aerialbots ingkang dipunkintun déning Megatron ing mangsa kapengker manggihi jisimipun Orion lajeng nyobi ngusadani Orion kanthi sowan marang Alpha Trion lan nyuwun usada. Alpha Trion nolak amargi ing bingkiilipun sampun kamotan kathah bala jurit. Nanging panyuwunipun Aerialbots ingkang estu, lajeng Alpha Trion mutusaken ngrakit malih Orion Pax kanthi wujud énggal.

Cathetan suku

Cithakan:Transformers

Tags:

Optimus Prime Transformers G1Optimus Prime Cathetan sukuOptimus PrimeBumblebeeIronhideJepangSoundwaveStarscreamTransformers

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Michel Foucault41PaculYoniUniversitasPsikopatDrupadiBlangkonDinaGendèrKolombiaRépublik CinaTalmudDistrik ing TurkiIsabel I saka Kastilia30GoogleParamasastra JawaAktorTumpengMohammad HattaSurat Al MuzzammilRamaUni SovyètSinomUtahMilimèterMiguel Arraes (aktor)Prastawa BudayaVladimir PutinMarie AntoinettePerang Sadulur AmérikaWadonGolf9Bung pring petungTvOneTaunWong JawaFilsafatInternètGajah MadaSrabiIndhonésiaTurkiWesiMandhat Inggris ing Palestina1994Yati OctaviaThiwulKalanjana2002Upacara tingkebanManukLawang SèwuElizabeth OlsenSt. PetersburgWayang kulitÉropa KulonGarèngMartin SuryajayaRépublik Afrika TengahWong Alas19Tegesé Aksara JawaBlog4Julius CaesarEmasArané pérangan awakAténaNew DelhiCenilAnak Jalanan (sinetron)Tudhung klitoris1898🡆 More