Ombak

Ombak ya iku prastawa munggah mudhuné partikel-partikel banyu.

Ombak uga bisa ditegesi obahé banyu sagara sing munggah mudhun utawa nggulung-nggulung. Ana telung faktor kang njalari dumadiné ombak, ya iku pasang-surut (swell), angin pasisir (local wind), lan mudhun-munggahé massa watu ing dhasar samodra. Pasang-surut banyu sagara iki amarga ana gaya gravitasi bulan. Nalika bulan ing posisi celak karo lumah bumi, banyu sagara ing laladan iku ketarik déning gaya gravitasi bulan lan njalari banyu sagara pasang. Déné ing laladan bumi liya kang adoh saka posisi bulan, banyu sagara surut. Obahé banyu sagara iki kanthi wujud ombak.

Ombak
Ombak

Angin kang obah nerjang lumah sagara, sithik baka sithik minangka obahé ombak kang nggulung. Saya kenceng angin kang nerjang lumah sagara, saya gedhé uga ombak kang dikasilaké. Marga dhasar ombak kena dharatan nalika menyang pasisir, ombak ngalon amarga ana gèsèkan. Nalika iku, pucuk ombak tetep lumaku banjur wutah. Yèn ing sagara kadadéan gelombang ombak kang gedhé banget, ing pasisir bakal kawentuk pucuk ombak kang dhuwur lan wutahan kang gedhé.

Obahé massa watu ing dhasar samodra uga njalari ombak. Ombak sing kaya iki uga diwastani tsunami. Nalika ana obah-obahan watu-watu ing dhasar sagara, ombak iku bakal njalari jundhulan ing lumah sagara ing dhuwuré. Ombak iki ndarbèni ènergi kang gedhé, saéngga bisa njalari karusakan kang gedhé uga. Ombak tsunami ngasilaké jinis wujud gelombang, ya iku gelombang positif lan gelombang négatif. Gelombang positif kadadèn nalika banyu sagara ora surut kanthi amba ing laladan pasisir. Déné gelombang négatif kadadèn yèn banyu sagara surut kanthi amba.

Jinis Ombak

  • Miturut sifaté
  1. Ombak pembangun utawa pambentuk pasisir (Constructive wave), kang ndarbèni ciri endhèk lan kecepatan rambaté uga cendhak. Saéngga nalika ombak mau pecah ing pasisir bakal ngangkud sedimen (material pasisir). Material pasisir bakal kèri ing pasisir nalika ili balik saka ombak pecah lan nresep ing pasir utawa alon-alon mili mbalik menyang sagara.
  2. Ombak pangrusak pasisir (destructive wave), padatan ndarbèni kadhuwuran lan kecepatan rambat kang gedhé. Banyu kang mbalik muter ndarbèni wektu luwih rikat kanggo nresep ing jero pasir. Nalika ombak teka manèh ngantem pasisir bakal ana akèh banyu kang ngumpul lan ngangkud material pasisir tumuju tengah sagara utawa papan liya.
  • Miturut cara pecahé
  1. Spilling, padatan kadadèn yèn ombak miring tumuju pasisir kang dhatar (miringé sithik). Ombak pecah ing jarak kang adoh saka pasisir lan sithik-sithik.
  2. Plunging, yèn miringé ombak lan dhasar nambah ombak bakal pecah lan pucuk gelombang bakal muter. Sabagéyan bakal mentul menyang sagara.
  3. Surging, ombak kadadèn ing pasisir kanthi miring banget, kaya ta kang kadadéan ing pasisir kang ana watu karangé.

Kagunan lan mupangat ombak

  1. Njaga stabilé suhu saka iklim donya
  2. Liwat lumah ombak, kadadèn ijolan gas
  3. Ningkataké kemampuan adhaptasi lan kekuwatan saka makluk urip
  4. Ningkataké keanekaragaman hayati
  5. Mbantu anané gegayutan simbisosis mutualisme
  6. Mbantu nggawé utawa minangka pasisir


Cathetan suku

Tags:

BanyuBulanBumiGayaGravitasiMassaPasisirSamodraWatu

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

DinaKriptonWalandaFlorentino PérezRuwatanKalkulusPiala Dunia FIFA 2014Iwan FalsWignyanJawaShinzō AbeGerakan Pramuka IndonesiaUntaDhaptar Mentri Dalam Negeri Republik IndonesiaSurtanahDrijiRayapMikha TambayongAlgaTora SudiroKluwungÈngklèkYouTubeGlenn FredlyTembung ancer-ancerCornelia AgathaWangsalanHypertext markup languageMontor mabur nirawakLaptopIndonNeptunusTombiliUpacara tingkebanSiriusYodiumSabuk astéroidIan KaselaBrésaolaBumiKomètOstraliLadhangOrdo (biologi)FacebookLee HyoriAnggadaSugiarta SriwibawaCrash Landing on YouKabupatèn SumedangAmérika LatinSurat Al IkhlashSerat WulangrèhFreya JayawardanaRerengganRadja NainggolanOmah JogloNarkobaSamudra PasifikAmien RaisMahfud MDJinising paragrafSepongNaffKembang sepatuMegawati PrabowoBasa SangsekertaPérakAremaAntibiotik beta-laktamKarim BenzemaMartha TilaarSingaWanabadra, Blado, BatangKebo ilang, tombok kandhang2001Waranggana🡆 More