Octans (/ˈɒktænz/) inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang lemes ingkang mapan wonten ing langit sisih kidul.
Octans inggih punika nama Latin saking piranti instrumen navigasi octant. Rasi lintang punika dipundhaptar déning astronom Prancis, Nicolas Louis de Lacaille wonten ing abad kaping wolulas. Lacaille maringi nama rasi punika sepisanan kanthi nama l'Octans de Reflexion lan lajeng dipuncekak kanthi nama Octans. Octans 88 rasi lintang modhern.
OCTANS | |
---|---|
Cekakan | Oct |
Genitif | Octantis |
Asensio rekta | 22 |
Deklinasi | −90 |
Area | 291 derajad pesagi (#50th) |
Lintang utama | 3 |
Lintang Bayer/Flamsteed | 27 |
Lintang mawa planèt | 3 |
Lintang padhang | 0 |
Lintang cedhak | 1 |
Lintang paling padhang | ν Oct (3.73m) |
Lintang paling cedhak | LHS 531 ( tc) |
Obyèk Messier | none |
Udan météor | none |
Rasi lintang sing wewatesan | Tucana Indus Pavo Apus Chamaeleon Mensa Hydrus |
Katon antara lintang +0° lan −90°. Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi October. Circumpolar. | |
Octans gadhah tlatah ingkang ambanipun kirang langkung 291 drajat persegi lan ngewrat kalih lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali saking garis lintang +0° lan-90°, lan ingkang saé piyambak dipuntingali ing jam 9 dalu ing sadangunipun sasi Oktober. Ing lintang kidul, Octans inggih punika satunggaling circumpolar, ingkang papanipun boten naté wonten ing sak ngandhaping garis cakrawala lan saged dipuntingali saben taun. Octans boten gadhah kathah objek langit pérangan lebet ingkang padhang lan boten gadhah lintang ingkang padhangipun langkung saking 4 magnitudo. Déné lintang-lintang ingkang wonten ing rasi punika ing antawisipun inggih punika:
Déné lintang ingkang paling narik kawigatosanipun para panaliti inggih punika lintang the faint white giant sigma Octantis, a Delta Scuti, ingkang punika lintang tipe variabel lan lintang ingkang paling caket kaliyan kutub langit sisih kidul lan ingkang sged dipuntingali kanthi mripat langsung. Nanging, amargi papanipun ingkang caket kaliyan kutub sisih kidul, ingkang namung sakedhik drajat malih, mila ing rikala wekdal, rasi lintang punika ugi dipunanggep dados rasi Polaris Australis. Lintang punika ugi meh sami kaliyan lintang delta Octantis ingkang wigati sanget wonten ing lintang kutub kidul, gayut kaliyan planit Saturnus. Octans inggih taksih kalebet satunggal kulawarga rasi lintang Lacaille, sesarengan kaliyan rasi lintang Norma, Circinus, Telescopium, Microscopium, Sculptor, Fornax, Caelum, Horologium, Mensa, Reticulum, Pictor lan Antlia. RAsi lintang sanèsipun ingkang wonten ing sak kiteripun inggih punika rasi lintang Tucana, Indus, Pavo, Apus, Chamaeleon, Mensa lan Hydrus.
Octans inggih punika rasi lintang ingkang dipundamel déning Nicolas Louis de Lacaille ing taun 1752, ingkang wonten ing njawi bunderen lintan circumpolar. Rasi lintang punika ugi dipunmangertosi kanthi nama "Octans Hadleianus" kanggé ngurmati temuanipun Octant, John Hadley, ingkang dipunrancang ing taun 1730. Boten wonten mitos ingkang nyata ingkang gayut kaliyan rasi lintan Octans, ingkang sapérangan bageyanipun mapan wonten ing garis lintang sisih kidul.
Cithakan:88 rasi lintang modhern
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Octans, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.