Bloemfontein

Bloemfontein (basa Walanda kanggo banyu mancur kembang), iku salah siji saka telu kutha krajan Afrika Kidul, bebarengan karo Pretoria lan Cape Town.

Bloemfontein iku kutha krajan yudhikatif, sarta minangka kutha krajan provinsi Free State. Jeneng kutha iki sajeroning basa Sesotho yaiku Mangaung, kang tegesé "papan panggonan para cheetah".

Bloemfontein
Kutha
Peparab: Kutha Kembang Mawar
The city of roses
NagaraBloemfontein South Africa
ProvinsiFree State
Distrik munisipalitasMotheo
Munisipalitas lokalMangaung
Resmi madeg1846
Élepasi1.395 m (4,577 ft)
Cacah warga
 • Gunggung369.568
Zona wektuSAST (UTC+2)

Kutha iki dumunung ing ara-ara suket (padang rumput) garing ing koordinat 29° S 26° E, elevasi 1.395 mèter sadhuwuring sagara. Padunung wewengkon kutha cacahé 369.568 jiwa, déné wewengkon kuthamadya Mangaung Raya sing ndunungi 645.455 jiwa. Bloemfontein nduwé papan anggegana, yaiku Papan Anggegana Bloemfontein.

Sajarah

Miturut sajarah Bloemfontein iku sawijining pamukiman Afrikaner. Kutha iki diadegaké taun 1846, lan minangka kutha krajan Orange Free State antara taun 1854-1902.

Sawijining jalur sepur diwangun ing taun 1890 kang ngubungaké kutha iki karo Cape Town. Sabanjuré ing taun 1899, Bloemfontein dadi papan kanggo Konferensi Bloemfontein, kang gagal nyegah kadaéyan Perang Boer.

Pengarang Inggris kang misuwur, J. R. R. Tolkien, lair ing kutha iki tanggal 3 Januari 1892.

Tanggal 13 Maret 1900 wektu kadadéan Perang Boer, wadyabala Britania ngrebut kutha iki lan yasa kamp konsèntrasi kanggo nampung wanita-wanita lan bocah-bocah Boer. Cacah 28.000 wanita lan bocah cilik kang tiwas ing kamp iki dipèngeti kanthi yasa Tugu Peringatan Wanita Nasional (National Women's Memorial) kang dumunung ing pinggir kutha.

Deleng uga

Pranala njaba


Tags:

Afrika KidulBasa WalandaCape TownCheetahKutha krajanPretoria

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

GravitasiBasa SpanyolTahu campurAmérika SarékatBertrand AntolinAmien RaisMarsFosforJaran KecakLitiyumGéofisikaInggrisTungauIron MaidenPenitiIndonésiaMonsters, Inc.GethukGambangꦏꦼꦤ꧀ꦝꦶHabis Gelap Terbitlah TerangCrash Landing on YouSrabiPlutoIsabeau saking BavariaPratélaning upacara adat JawaRujak CingurMa Dong-seokDemi MooreLaos (bumbu)Taling tarungWunguꦱꦝꦼꦭ꧀KempyangHidrogenBathikTaylor SwiftWayang kulitWali BandBonangBèkelanBancakan Wetonꦥꦼꦁꦒꦫꦶꦱ꧀MaskumambangPinguinTaman Sari NgayogyakartaYupiterIndhonésiaWayangPitulungAfrika Bagéyan KidulRahwanaJay IdzesTrombositCut Nyak MeutiaWirangrongIrfan HakimSrengéngéMawarNagita SlavinaÉjaan Basa JawaKarnaPallywoodEyang SuburGisella AnastasiaBeras kencurVenusPevita PearceRoger DanuartaAksara JawaSon Heung-minHabib Muhammad Luthfi bin Yahya🡆 More