Muséum utawa musiyum iku gedhong/yasan kanggo nyimpen patilasan utawa barang kang ngandhut sajarah.
Ing jaman saiki, akèh uga musiyum kang nyimpen barang-barang kontemporèr, ora mligi marang sing kuna banget.
Musiyum manut Encyclopedia Americana (EA), tegesé siji lembaga institusi sing awèh pangladènan telung prakara: pengumpul, pelindung, lan mamerake obyek. Miturut Budpar ing (Pasal 1.(1). PP. No. 19 Tahun 1995), Musiyum ing kaitane karo warisan budaya, yaiku lembaga, panggonan nyimpen, ngrawat, ngamanake barang bukti materiil asil budayane manungsa, alam, lan lingkungan kanggo nyengkuyung usada perlindungan lan pelestarian kekayaan budaya bangsa .
Tembung ‘muséum’ asalé saka basa Yunani Kuno, museion, sing tegesé “kuil kanggo panggonan nyembah 9 Dewi Muse.” Ing mitologi klasik, Muse yaiku déwa-déwa literature (mligine ing bab puisi), musik, jogèd, lan kabèh sing ana gegayutane karo kaendahan, kawruh, lan ngèlmu kawruh; dewi iku kabèh padha nyanyi lan nari ing pangawasane Apollo, yaiku Musagates (pandhegane Muse). Dewi-dewi iku yaiku (Calliope, Clio, Erato, Euterpe, Thalia, Melpomene, Polyhimnia, Terpsichore, lan Urama) yaiku putri-putri Déwa Zeus lan Mnemosyne-déwa paling dhuwur ing pantheon Yunani Kuno. Dewi iku mau dipepuja ing saben acara ritual pengabdian masarakat kanggo Zeus (Encyclopedia Americana,1970). Saliyané iku, budpar uga mratelakake yèn musiyum iku pangonan makarya ahli-ahli pikir jaman Yunani kuna, kaya sekolahé Pythagoras lan Plato. Sansaya suwé musiyum kang wiwitane panggonan ngumpulake barang lan piranti kang dibutuhake kanggo penyelidikan ngèlmu lan kesenian, owah dadi panggonan ngumpulake barang aneh lan langka.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Musiyum, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.