Moksa

Moksa (Sanskerta: mokṣa) inggih punika siji konsèp agama Hindhu kaliyan Buda.

Ateges kebebasan saking pagesangan kadonyan saha wucul ugi saking reinkarnasi utawi Punarbawa panguripan.

Artikel punika bagean saking seri
Filsafat Hindu
Moksa
Ajaran Filsafat
Samkhya • Yoga • Mimamsa
Nyaya • Vaisiseka • Vedanta
Ajaran Vedanta
Advaita • Vishishtadvaita
Dvaita • Shuddhadvaita
Dvaitadvaita • Achintya Bheda Abheda
Tokoh Filsafat Hindu
Kapila • Patanjali • Jaimini
Gotama • Kanada • Rsi Vyasa
Patengahan
Adi Shankara • Ramanuja
Madhva • Madhusūdana
Vedanta Desika • Jayatirtha
Moderen
Ramakrishna • Ramana
Swami Vivekananda • Narayana Guru
Ramakrishna • Ramana
Sri Aurobindo • Sivananda
Caturyuga
Satyayuga • Tretayuga
Dwaparayuga • Kaliyuga

Pencapaian

Wonten ing Hinduisme, atma-jnana (kesadaran dhumateng "sang diri") inggih punika kunci tumuju moksa. Umat Hindhu angsal nidakaken siji wujud (utawi) langkung jinis Yoga-Bhakti, Karma, Jnana, Raja-kanthi mangertosi bilih Tuhan asipat boten winates saha saged dados wujud punapa kémawon, personal punapa déné impersonal.

Dipunyakini bilih wonten sekawan Yoga (pengendalian) utawi marga (dalan utawi margi) kanggé pinuju moksa. Hal punika kalebet: bakti dhumateng Yang Mahakuasa (Karma Yoga), mangertosi Yang Mahakuasa (Jnana Yoga), meditasi dhumateng Yang Mahakuasa (Raja Yoga), saha nglayani Yang Mahakuasa kanthi bakti ingkang tulus (Bhakti Yoga). Tradisi Hinduisme ingkang manéka warna gadhah bènten antawisipun margi ingkang satunggal kaliyan sanèsipun, ingkang kawéntar antawisipun inggih tradisi Tantra saha Yoga ingkang tumuwuh wonten ing Hinduisme.

Pendekatan déning tradisi Wedanta kapérang dados non-dualitas (adwaita), non-dualitas kanthi kualifikasi (kados ta wisistadwaita), saha dualitas (dwaita). Cara nuju moksa ingkang kaanjuraken déning tugang tradisi mau manéka jinis.

  1. Adwaita Wedanta nengenaken Jnana Yoga minangka cara ingkang utama kanggé tumuju ing moksa. Tradisi punika fokus dhumateng kawruh babagan Brahman ingkang dipunsediakan déning literatur tradhisional Wedanta kaliyan ajaran pendirinipun, Adi Shankara. Kanthi pamilihan antawis hal ingkang nyata kaliyan ingkang boten nyata, sadhaka (praktisi spiritual) badhé saged nguculaken dhiri saking jerat ilusi saha nyadari bilih donya ingkang dipunamati minangka donya maya, fana, saha "kesadaran" mau minangka satunggalipun hal ingkang nyata. Pangertosan mau minangka moksa, nalika atman (percikan Tuhan wonten ing dhiri) saha Brahman (esensi alam semesta) saling mangertosi minangka substansi saha kehampaan saking dualitas eksistensial.
  2. Tradisi non-dualis ninangali Tuhan minangka objek sih-tresna ingkang paling patut dipunsembah, kados ta personifikasi konsèp monoteistik babagann Siwa utawi Wisnu. boten sami kaliyan tradisi agama Abrahamik, Adwaita/Hinduisme boten nglara aspek Tuhan ingkang manéka jinis, kados ta manéka cahya ingkang asalipun saking satunggal sumber ingkang sami.

Sawijining tiyang kedah mencapai moksa kanthi bimbingan saking Guru (agama dharma). Sawijining guru utawi siddha naming mbimbing nanging boten ndhèrèk campur tangan.

Surga (svarga) dipunyakini minangka papan kanggé karma déné ingkang mesthi dipunindari déning tiyang ingkang péngin moksa supados nyawiji kaliyan GUsti lumantar Yoga.

Cathetan suku

Uga delengen


Tags:

AgamaBudaHindhuSanskerta

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

MaduRama TambakPratélan pawiyatan luhur swasta ing JakartaWuku Pahang13SusuDriji sikilPratélaning blegering OstenrikAustralopithecusGim komputerKapulagaSepasaranSurat Al MuzzammilMerkuriusBasa JawaAbad ping 3RumeniECak PercilWikisumber1903SiramanPteranodonAndreas ChristensenWaring Wéra Wanua55Yahoo!MaliNikahAgama YahudiTsumugi AkariSurat Al 'AlaqTapéTvOneSurat Al An’amMarsAbad ping 18Rizky Ridho1991Upacara tingkebanWoodrow WilsonRawas Ulu, Musi Rawas18CeresDronaSirimavo BandaranaikeWiki FoundationMekanika lemahRuqyah93Segara GaliléaMotorheadAstinapuraFK Kauno ŽalgirisGunawan SudradjatBrandon SalimSpongeBob SquarePantsLawang SèwuMarparan, Sreseh, SampangKupatThawus bin KaisanJazz28ꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃBernie SandersAngga Aldi YunandaCakilUcengKarbitSanna MarinIndonesia🡆 More