Mikrofilamen utawa filamen aktin ya iku péranganing rangka sel (sitoskeleton) kang wujud watang padhat kanthi diameter sakiwa-tengené 7 nm lan kasusun déning protéin aktin, ya iku sawijining protéin globular.
Mikrofilamen ada pada sel eukariot. Béda karo penahan-tekanan (gaya tekan) mikrotubula, peran struktural mikrofilamen ing sitoskeleton ya iku kanggo nahan tegangan (gaya tarik). Kanthi nggabung karo protéin liyané, mikrofilamen kerep mbentuk jalinan telung dhimènsi persis ing jero membran plasma, kang mbantu njurung wujud sel. Jalinan iki mbentuk korteks (lapisan sitoplasma njaba) sel mau duwé kekentalan semipadat kaya jel, kang bedha karo kaanan sitoplasma kang jerone luwih encer (sol). Ing sel kéwan kang kaspesialisasi kanggo ngangkud materi ngiteri membran plasma, berkas mikrofilamen mbentuk inti mikrovili, panonjolan alus kang ningkatake amabane lumahing sel. Mikrofilamen dikenal amarga peranne ing pergerakan sel kususe minangka pérangan piranti kontraksi sel otot. Ewonan filamen aktin disusun sejajar siji lan sijiné ing sadawaning sel otot kang diselingi karo filamen kang luwih kandel kang dumadi saka protéin kang diarani miosin. Anane kontraksi otot akibate mikrofilamen lan miosin kang saling mumbul ngliwati liyané, kang bakal dadekake endhek sel.
Aktivitas mikrofilamen nyebabake pergerakan kaya aliran sitoplasma lan gerak ameboid (gerak sel tunggal protista, cendawan, lan kéwan kang nggunakaké protoplasmane kang mili metu saka sel kanggo mbentuk kaya kaki semu utawa pseudopod, banjur pérangan sel kang keri, maju ing arah pseudopod nganti ngasilaké gerak sel ing sawijining lumahan). Mikrofilamen katon lumantar mikroskop fluoresensi kanthi bantuan antibodi antiaktin (diolihi lawan aktin ing kéwan) utawa kanthi analog fluoresen falotoksin (asalé saka cendawan Amanita phalloides), kang kanthi kas tinalen karo molekul aktin (utawa lir-aktin)).
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Mikrofilamèn, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.