Ki Manteb Soédharsono (lair: Sukaharja, 1948) iku dhalang wayang kulit kondhang saka Jawa Tengah.
Amarga kaprigèlané mainaké wayang, Manteb Soédharsono banjur dijuluki déning para penggemaré minangka Dhalang Sètan. Manteb Soédharsono uga dianggép pelopor perpaduan kagunan padhalangan karo peralatan musik modhèren.
Ki Manteb Soedharsono | |
---|---|
Lair | 1948 Sukaharja, Jawa Tengah, Indonésia |
Pati | 2 Juli 2021 Karangpandan, Karanganyar, Jawa Tengah |
Pakaryan | Dhalang |
Wektu iki Ki Manteb manggon ing Dusun Sekiteran, Kalurahan Dhoplang, Kacamatan Karangpandan, Kabupatèn Karanganyar, Jawa Tengah.
Manteb Soedharsono iku putra dhalang uga, sing asmané Ki Hardjo Brahim. Manteb Soedharsono dilairaké ing désa Jatimalang, Kalurahan Palur, Kacamatan Majalaban, Kabupatèn Sukaharja, Jawa Tengah, tanggal 31 Agustus 1948.
Ki Hardjo Brahim iku seniman tulen sing ora duwé pagawéan liya kajaba ndhalang. Manteb minangka putra pambarep digulawenthah supaya bisa dadi dhalang tulèn kaya awaké. Ki Hardjo kerep ngajak Manteb mèlu ndhalang.
Déné, ibu Manteb sing uga seniman, penabuh gamelan,luwih seneng putrané itu duwé pagawéyan liya. iku sebab musababé, Manteb disekolahaké ing STM Manahan, Sala. Ananging wiwit ciik Manteb wis laris minangka dhalang satemah sekolahé dadi ora keurus. Pungkasané, Dhèwèké miih mandheg sekolah kanggo sinau luwih ajeg babagan kaprigelan ndhalang.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Manteb Soedharsono, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.