Lyra (/ˈlaɪərə/; Latin kanggé lyre, saking Yunani λύρα) inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang alit ingkang mapan wonten ing belahan langit sisih lor.
RAsi lintang Lyra punika dipuntepangaken sepisanan déning astronom Yunani inggih punika Ptolemy wonten ing abad kaping kalih lan kalebet 88 rai lintang ingkang dipunakeni déning International Astronomical Union. Punika kalebet lintang ingkang pokok, Vega (Abhijit ing basa Sansekerta), pojoking segitiga mangsa panas, inggih punika salah satunggaling lintang ingkang padhang piyambak wonten ing langit. Rasi lintang Lyra punika dipunkiteri déning rasi-rasi lintang sanèsipun. Ing sisih lor dipunkiteri déning rasi lintang Draco, Hercules, Vulpecula, lan Cygnus. Lyra inggih saged dipuntingali saking belahan langit sisih lor saking mangsa semi ngantos mangsa palastra. Saking belahan langit sisih kidul, saged dipuntingali sanajan boten patos cetha ing langkit lor wonten ing mangsa adhem.
LYRA | |
---|---|
Cekakan | Lyr |
Genitif | Lyrae |
Asensio rekta | 19 |
Deklinasi | +40 |
Area | 286 derajad pesagi (#52nd) |
Lintang utama | 5 |
Lintang Bayer/Flamsteed | 25 |
Lintang mawa planèt | 29 |
Lintang padhang | 1 |
Lintang cedhak | 3 |
Lintang paling padhang | Vega (α Lyr) (0.03m) |
Lintang paling cedhak | 2MASS J18353790+3259545 ( tc) |
Obyèk Messier | 2 |
Udan météor | Lyrids June Lyrids Alpha Lyrids |
Rasi lintang sing wewatesan | Draco Hercules Vulpecula Cygnus |
Katon antara lintang +90° lan −40°. Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi August. | |
Rasi lintang Lyra gadhah laladan ingkang ambanipun kirang langkung 286 drajat persegi lan ngewrat gangsal lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang Lyra saged dipuntingali wonten ing garis lintang ing antawisipun +90° lan-40° lan badhé katingal saé dipuntingali ing jam 9 dalu ing salebeting sasi Agustus. Déné lintang-lintang ingkang wonten ing rasi lintang Lyra ing antawisipun inggih punika:
Rasi lintang punika inggih minangka dalemipun kathah objek langit pérangan lebet, ing antawisipun inggih punika:
Lyra inggih ugi taksih kalebet wonten ing kulawarga rasi lintang Hercules sesarengan kaliyan rasi lintang Hercules, Sagitta, Aquila, Cygnus, Vulpecula, Hydra, Sextans, Crater, Corvus, Ophiuchus, Serpens, Scutum, Centaurus, Lupus, Corona Australis, Ara, Triangulum Australe lan Crux. Rasi lintang ingkang wonten ing sakiteripun Lyra inggih punika rasi lintang Draco, Hercules, Vulpecula, lan Cygnus.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Lyra, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.