Landhak (Rodentia) ya iku kéwan kang duwé rambut kang kandel lan wujudé wujud eri lancip.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Landhak | |
---|---|
Landhak Amérika Lor | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia (Sato Kéwan) |
Filum: | Chordata |
Klas: | Synapsida |
Ordho: | Rodentia |
Landhak tinemu ing Asia, Afrika, lan Amérika, nanging luwih akèh ditemoni ing wewengkon tropis. Landhak minangka kéwan ngrikiti paling gedhé katelu, sawisé kapibara lan berang-berang. Landhak bentuké rada bunder lan ora pati lincah yèn dibandingaké karo tikus amarga rambut eriné. Kéwan liya kang wujud nanging dudu kéwan ngrikiti ing antarané: landhak susu lan landhak semut (Echidna), kang uga dikenal kanthi jeneng "landhak".
Landhak racaké ya iku hèrbivor, seneng godhong, kayu, lan pérangan kulit kayu. Amarga iku, landhak uga dianggep dadi ama tanduran. Ewasemono, ana uga wong kang ndadèkaké landhak dadi bahan pangan. Saté landhak dadi sawijining panganan kas saka Kabupatèn Karanganyar.
Landhak kang biyasa dikenal wong ya iku Hystrix, nanging racaké landhak dianggo kanggo nyebut anggota saka suku/famili Erethizontidae, marga: Coendou, Sphiggurus, Erethizon, Echinoprocta, lan Chaetomys lan Hystricidae, marga: Atherurus, Hystrix, lan Trichys.
[[
Bangsa Rodentia
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Landhak, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.