Filem Knock, Knock

Knock, Knock inggih punika filem horor erotis saking Amérikah Sarékat ingkang kadamel taun 2015. Filem punika dipunsutradarani Eli Roth, dhedhasar skénario anggitanipun piyambakipun, sesarengan kaliyan Guillermo Amoedo lan  Nicolás López.

Ingkang maragani filem punika antawisipun Keanu Reeves, Lorenza Izzo, lan Ana de Armas. Knock, Knock dipunbabar ing surya 9 Oktober 2015 déning Lionsgate.

Knock Knock
Filem Knock, Knock
Theatrical release poster
DisutradaraniEli Roth
Diprodhuseri
  • Eli Roth
  • Muguel Asensio
  • Colleen Camp
  • John T. Degraye
  • Cassian Elwes
  • Nicolás López
Diskénariyoni
  • Eli Roth
  • Guillermo Amoedo
  • Nicolás López
Carita déning
  • Anthony Overman
  • Michael Ronald Ross
Dibintangi
  • Keanu Reeves
  • Ana de Armas
  • Lorenza Izzo
  • Aaron Burns
  • Ignacia Allamand
  • Colleen Camp
DimusikiManuel Riveiro
SinématografiAntonio Quercia
Dibesut déningDiego Macho
Perusahaan
prodhuksi
  • Camp Grey
  • Dragonfly Entertainment
  • Sobras International Pictures
Dibabar déningLionsgate Premiere
Tanggal metu
  • 23 Januari 2015 (2015-01-23) (Sundance)
  • 09 Oktober 2015 (2015-10-09) (Amérikah Sarékat)
Suwéné
99 menit
NagaraAmérikah Sarékat
BasaBasa Inggris
Rantaman$2 yuta
Kalarisan$5.2 yuta

Ringkesan

Filem punika nyariyosaken bab satunggalipun priya ingkang sampun sesémahan nemokaken kalih prawan nèm ingkang gesangipun mboten karuan, dumadakan dugi wonten griyanipun. Kawiwitan, Evan (Keanu Reeves) kedah wonten griya saperlu ngrampungaken pedamelanipun, sawatawis sémahipun kaliyan putranipun kekalih sami késah plesiran wonten pasisir. Ing salebetipun udan deres, piyambakipun mireng kori griyanipun dipundhodhog. Nalika dipunbikak, Evan sumerep kalih prawan ayu (Ana De Armas lan Lorenza Izzo) sampun ngadeg kadhemen sangajengipun kori griyanipun. Tiyang èstri kalih punika sampun teles klebes lan nyuwun dhumateng Evan supados dipunparengaken sadrema ngiyup, nggaringaken rasukan, lan ngampil telpun. Nanging pranyatanipun, tiyang èstri kalih punika gadhah niyat ingkang mboten saé, lan Evan mboten mangertos sadèrèngipun.

Latar wingking

Film ingkang dipunsutradarani Eli Roth lan skénarionipun kaserat sesarengan kaliyan Guilermo Amoedo lan Nicolas Lopez. Kajawi Keanu Reeves, filem ingkang kadamel déning Dragonfly Entertainment punika ugi dipunsengkuyung déning Lorenza Isso lan Ana de Armas, Ignacia Allamand, Collen Camp, lan Aaron Burns. Knock, Knock pikantuk pakurmatan dipuntepangaken wonten pahargyan Festival Film Sundance ing wulan Januari 2015 lan dipunbabar kanggé sagung pamirsa ing Bèlgi ing wulan Oktober 2015. Kajawi ing Bèlgi, filem punika ugi kababar ing Amérikah Sarékat ing surya 9 Oktober 2015.

Ing surya 4 April 2014, Keanu Reeves sampun kadhapuk minangka juru paraga baku ing filem punika, minangka Evan, satunggalipun priya tentrem rahayu ingkang sampun sesémahan lan patutan kalih. Ignacia Allamand ugi mratélakaken sumadya nyawiji wonten proyèk filem punika. Ing surya 26 Januari 2015, Lionsgate pikantuk ijin kanggé ngedum filem punika. Knock, Knock punika filem versi pedamelan énggal saking cariyos anggitanipun Peter Traynor jejudhul Death Game (1977). Pedamelan filem Knock, Knock dipunwiwiti ing surya 14 April 2014 ing Santiago, Chile, lan rampung ing surya 11 Mèi 2014.

Ingkang maragani

  • Keanu Reeves sebagai Evan Webber
  • Lorenza Izzo sebagai Genesis
  • Ana de Armas sebagai Bel
  • Ignacia Allamand sebagai Karen Alvarado
  • Aaron Burns sebagai Louis
  • Colleen Camp sebagai Vivian

Rujukan

Pranala njawi

Tags:

Filem Knock, Knock RingkesanFilem Knock, Knock Latar wingkingFilem Knock, Knock Ingkang maraganiFilem Knock, Knock RujukanFilem Knock, Knock Pranala njawiFilem Knock, Knock20159 OktoberAmérikah SarékatFilemKeanu Reeves

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Ki Hadjar DewantaraMartha TilaarMangsa pancarobaKabupatèn FakfakMacapatPanakawanPiala Dunia FIFA 2014SaturnusAri SihasaleAl-QaédaKazakhstanWisanggeniRerengganTrombositKarnaPrasasti YupaSepasaranSamudra PasifikWirangrongUntaSurat Al HadiidIrfan BachdimThiwulPutihWinona RyderPucungAndhika PratamaDasanamaMonumèn NasionalSrabiOmah JogloMangsa katigaPersija JakartawordpressTembagaSoehartoKasus génitifKandangan TVAri SigitTom CruiseYusril Ihza Mahendra1550-anKutha SurabayaNarkobaZulkifli HasanPramoedya Ananta ToerDrijiWawancaraPallubasaSatéWali BandBasa MalayuAllahBleachSoekarnoUranusBrandon SalimFreya JayawardanaRadja NainggolanKabinet Persatuan NasionalLucien Lévy-BruhlUBlock OriginMitoniPèmpèkRizky NazarUpacara tingkebanDjauhariSalman bin Abdul-Aziz Al SaudKuwé lapisRengginangWarangganaAri WibowoBekakakam6b0DhandhanggulaSistem operasi komputerMakauBabi Panggang Karo🡆 More