Kali Chao Phraya

Chao Phraya (Thai: แม่น้ำเจ้าพระยา, RTGS: Maenam Chao Phraya, kocapan  utawa , rungokna Archived 2013-06-14 at the Wayback Machine.) iku kali utama ing Thailand sing dawané watarar 372 kilomèter.

Kali iki duwé enepan aluvial sing cendhèk lan sumebar ing dharatan Thailand. Aliran Chao Phraya mungkasi ingi Lempongan Thailand.

Kali Chao Phraya
River
Tributaries
 - left Kali Pa Sak
 - right Kali Sakae Krang
Source Patemon kali Kali Ping lan Kali Nan
 - location Pak Nam Pho, Provinsi Nakhon Sawan
 - elevation 25 m (82 ft)
Mouth
 - location Lempongan Thailand, Provinsi Samut Prakan
 - elevation 0 m (0 ft)
Length 372 km (231 mi)
Basin 160,400 km2 (61,931 sq mi)
Discharge for Nakhon Sawan
 - average Cithakan:Geobox2 unit/discharge
 - max Cithakan:Geobox2 unit/discharge
Kali Chao Phraya
Péta tlatah Kali Chao Phraya

Ètimologi

Ing akèh péta kuna Éropah, kali iki jenengé Menam utawa Mae Nam (Basa Thai: แม่น้ำ), Basa Thai tumrap "kali". Englishman H. Warington Smyth, sing dadi Dirèktur Departemèn Pertambangan ing Siam taun 1891-1896, ngarujukmarang bukuné sing dibabar sepisanan ing taun 1898 minangka "the Me Nam Chao Phraya." Thai royal and noble title Chao Phraya bisa diterjemahaké minangka "Grand Duke". Ing média abasa Inggris ing Thailang, jeneng kali iki kerep sinebut Kali Raja-raja (River of Kings).

Kali Chao Phraya 
Pemandhangan ing Kali Chao Phraya River ing kutha Bangkok.

Géografi

Ilèn Kali Chao Phraya miwiti ing patemon antara kali Ping lan Nan ing Nakhon Sawan (uga ditepungi minangka Pak Nam Pho) ing Provinsi Nakhon Sawan. Sabanjuré kali iki mili mangidul sadawané 372 km saka dhataran Thailand tengah menyang Bangkok lan Lempongan Thailand. Ing Chainat, kali iki pecah dadi loro ya iku kali utama lan Kali Thai Chin, sing sabanjuré mili sajajar karo kali utama lan tumuju menyang Lempongan Thailand watara 35 km sakuloné kutha Bangkok ing Samut Sakhon. Ing tlatah dhataran cendhèk sing miwiti ing sangisoré Chainat dam, akèh kanal-kanal cilik sing diarani (khlong) mili saka kali utama. Khlongs kanggo irigasi kanggo sawah ing tlatah saubengé.

Transportasi

Kali Chao Phraya 

Kreteg utama sing nyebrangi The Kali Chao Phraya ana ing provinsi Bangkok: kreteg ril sepur Rama VI; Phra Pin-klao cedhak Grand Palace; Rama VIII, sawijining kreteg kabel ora simètri menara tunggal; Rama IX, kreteg kabel sèmi simètrik; lan Kreteg Mega, péranganing Dalan Ubeng Indhustri.

Ing Bangkok, Kali Chao Phraya minangka urat nadi transportasi utama tumrap jaringan bis banyu, fèri lan taksi banyu, sing diarani “buntut dawa” utawa longtails. Luwih saka parusahan 15 prau operasi ing kali iki lan ing kanal-kanal ing kutha.

Anak kali

Anak kali utama saka Kali Chao Phraya ya iku Kali Pak Sak, Kali Sakae Krang, Kali Nan (karo kali kagandhèng ya iku Kali Yom), Kali Ping (kanthi kali cabangé ya iku Kali Wang), lan Kali Thai Chin. Saben anak kali (lan Kali Chao Phraya dhéwé) isih duwé cawang-cawang kali cilik sing karan khwae. Kabèh anak kali mau, kalebu sing luwih cilik kaya khwae, ambangun pola wujud kaya wit-witan, kanthi cawang-cawang mili ngliwati amèh saben provinsi ing Thailand pérangan tengah lan lor. None of the tributaries of the Chao Phraya extend beyond the nation's borders. Kali Nan lan Kali Yom mili amèh sajajar saka Phitsanulok menyang Chumsaeng ing saloring Provinsi Nakhon Sawan. Kali Wang nggabung karo Kali Ping ing cedhak Sam Ngao, sawijining dhistrik ing Provinsi Tak.

Rujukan

Pranala njaba

Tags:

Kali Chao Phraya ÈtimologiKali Chao Phraya GéografiKali Chao Phraya TransportasiKali Chao Phraya Anak kaliKali Chao Phraya RujukanKali Chao Phraya Pranala njabaKali Chao PhrayaBasa ThaiKaliRoyal Thai General System of TranscriptionThailandWayback Machine

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Bibit WaluyoJu JingyiLucien Lévy-BruhlTora Sudiro1578Olah-olahan InggrisJangka sorongFilipinaWindows 95Kerata basaBaworWirangrongDanny WelbeckKethukSurat Al BaqarahSingaStadion SiliwangiRadja NainggolanLuna MayaAksara JawaAmbaKabupatèn FakfakKabupatèn Wajo13 AgustusWayangMusisiPHSaridin (Syeh Jangkung)Surat LuqmanC++Ageng TirtayasaSurinameSurat Al HadiidRukun IslamPanambangPiknik wudaMikha TambayongMetanaWhatsAppMario MaurerWikibooksStadion Jassim Bin HamadultravioletJohannes KeplerBudi UtomoSerat WulangrèhIwel-iwelChristopher ColumbusDurmaPizza HutKenongTaman Mini Indonésia IndahKiyamatDrumPlutoPortegalwordpressVladimir PutinIbnu SinaKeshogunan Tokugawa1530-anBima (paraga Mahabharata)Lydia KandouSpanyolRahwanaAngkor WatWadya BayaranSepur Joglosemarkerto5 FèbruariPlanitSamudra PasifikSinomBinahong🡆 More