Kakawin Nirarthaprakreta

Serat Nirarthaprakreta, punika kakawin, dados tembang mawi sekar ageng.

Serat Nirarthaprakreta punika isinipun piwulang kawruh sepuh utawi uga dipunarani ngèlmu kasampurnan. Tembung punika uga dipunarani mistik. Kangge ngicipi isinipun, ing andhap dipuncaosaken sawatawis pethikan saking kitab punika ingkang sampun dipunjarwakaken ing basa Jawi samangké. Jarwinipun mawi basa krama.

Pethikan

Boten makaten watekipun tiyang lumrah, ingkang dipundèkèk ing angeng namun ingkang dados remenipun piyambak kemawon. Watekipun gething marang kapinteranipun tiyang sanès, sanjangipun, kapinteranipun piyambak boten wonten ingkang saged ngungkuli. Dosanipun piyambak ingkang ageng dipundelikaken, dipunumpet-umpetaken supados boten katingal tiyang sanès. Nanging manawi tiyang sanès ingkang lepat, sanadyan namung sakedhik kémawon, dipunuthik-uthik. Kaliyan malih, remen manahipun manawi ningali tiyang sanès ingkang saweg susah. Kaliyan mèri marang tiyang sanès ingkang papanggih kabingahan, dipunpados-padosaken supados dhawah wonten ing kasangsaran. Mojoki tiyang ingkang dedonga saha sembahyang luhur budiné, dipunowah-awèh dipundamel kapiawon. Duka sanget manawi dipuncacat, sanget bungahipun ngantos telas manawi dipunelem.

Warna-warni anggènipun nyamah marang tiyang sanès, tiyang ingkang sampun dipunarani becik manahipun, dipunnyana-nyana, boten nganggé duduga anggènipun nyacad marang tiyang ingkang nindakaken kautaman. Ungelipun kaliyan gedhag-gedhig saha angremehaken: “Tiyang ingkang madosi Allah, kaliyan dhawah wungu, mubang-mubeng manahé, inggih punika tiyang bingung, bodho, sangsalané déné dèrèng ningali ing sajatinipun.”

Iinggih punika sakedhik pethikan saking serat Nirarthaprakreta. Isinipun saged dipunarani saé sanget saha cetha gampil dipunngretosi ungel-ungelipun.

Pandamelan

Serat Nirarthaprakreta punika dipundamel ing taun 1381 Śaka utawi 1459 taun Masèhi, wonten ing dhusun aran Kañcana, sakidulipun Surabaya. Ingkang ndamel boten dipunsumerepi.

Sumber-sumber

Ugi kapurih dipunpriksani

Tags:

Kakawin Nirarthaprakreta PethikanKakawin Nirarthaprakreta PandamelanKakawin Nirarthaprakreta Sumber-sumberKakawin Nirarthaprakreta Ugi kapurih dipunpriksaniKakawin NirarthaprakretaKakawin

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

MitokondriaAbad ping 19Tembung ngoko jenengSurat Al An’amTata Surya1911MarsKumbakarnaFijiPréfèktur ShizuokaEmprit kajiPamanasan globalKapulagaPandadihanIgnatius LoyolaKuwaitKemanggaKoranUpacara tingkebanFK Kauno ŽalgirisEmha Ainun Nadjib18Airlangga Hartarto2000Surat Al FalaqAbad ping 18TakbirBopomofoEuroKarbitAksara CarakanOhioObahan Non-BlokPrejanjèn AnyarWikipédia basa JawaInternational Standard Serial NumberTvOneJonathan FrizzyWoodrow WilsonAin (Departemen ing Prancis)BendiYamaha V50ENguyuhGaya asuKuba1961Adolf HitlerWuku PahangJoko SusiloSpesies jroning bebaya curesHormonPasisir KuwaruMerkurius2010Mohammad Mahfud M.D.Mekanika lemah1940Peking (gamelan)4Lintas platformTajikistanLimas (Wangun)Wuku MedangkunganHaumeaTitilarasSega kerabuBumiFitri AyuJayaningrat (Patih Surakarta)4 Januari7Surat Al QadrOpor ayam🡆 More