Kaisar Chongzhen

Kaisar Chongzhen (Hanzi: 崇祯, 6 Fèbruari 1611-25 April 1644) ya iku kaisar angka 16 lan kang pungkasan saka Wangsa Ming.

Dhèwèké nguwasani tahta saka taun 1627 nganti tekan 1644.

Lair mawa jeneng Zhu Youjian (朱由检), wujud anak nomer lima saka Kaisar Taichang. Chongzhen gedhé ana ing lingkungan kang rélatif tentrem amarga dhèwèké wujud putra ragil saka Kaisar Taichang kang ndadèkaké objèk kanggo rebutan kakuwasan kaya kang tau dialami déning kakangné, Kaisar Tianqi.

Taun 1627, kakangné mangkat lan dhèwèké kang marisi tahta, umuré nalika jaman semana nembé 16 taun. Ora kaya kakangné kang gumantung marang kasimé, Wei Zhongxian, dhèwèké duwé usaha kanggo mimpin papréntahan kanthi indhepèndhen. Chongzhen nyingkiraké Wei lan Selir Ke kang wis suwé mimpim papréntahan kanthi ora langsung. Wei diasingaké menyang Fengyang, provinsi Anhui lan ana ing kana dhèwèké mati. Semana uga 262 kroni-kroni Wei, kabèh diasingaké, dipecat, lan dièksekusi saka préntahe.

Chongzhen ngusahaké kanggo mimpin papréntahan tanpa gumantung marang para kasim lan sabisa-bisané nylametaké wangsané kang wis bobrok. Dhèwèké uga sregep teka ana ing rapat-rapat papréntahan. Nalika krungu pageblug kurang pangan ana ing sawijing tlatah dhèwèké mènèhi préntah kanggo nangani kanthi rikat.

Émané ya iku, niyat beciké Chongzhen kaalangan déning korupsi kang wis ana ing papréntahan lan kas nagara kang wiwit èntèk. Perkara iki ngangèlaké dhèwèké kangggo golèk pejabat kang kompetèn kanggo ngisi posisi wigati ana ing papréntahan. Kang luwih parah manèh ya iku sipat saka Chongzhen kang paranoid, dhèwèké luwih cubriya marang pejabat-pejabat kang kompetèn lan nibakaké ukuman pati kanthi sembrana marang para pejabat mau. Salah sijiné kang dadi kurbané ya iku Yuan Chonghuan, jéndral kang duwé jasa gedhé kanggo nahan serangan suku Manchu ana ing wates lor.

Cathetan sikil

Pranala njaba

Cheng Qinhua, Tales of the Forbidden City, Bejing: Foreign Languages Press, 1997.

Didhisiki déning:
Kaisar Tianqi
{{{jabatan}}}
(Wangsa Ming)
1627–1644
Diganti déning:
Kaisar Hongguang


Tags:

16111627164425 April6 FèbruariHanziWangsa Ming

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Lionel MessiMustarSepur JoglosemarkertoYin lan YangSimon PetrusUmar bin Abdul AzizBinahongKrajan Sumedang LarangMitoniTrombositUntaNaffMalaysiaAri SigitTèknologiPétrukKalkulusMacapatAksara JawaMálagaBasa ngokoDenzel WashingtonArané pérangan awakTembung ancer-ancerGisella AnastasiaDian SastrowardoyoPageblug Covid-19SpanyolZayed KhanPizza HutChairil AnwarPutri PatriciaRadèn PatahMila RodinoNeptuGajah gajahFosforKarim BenzemaLee HyoriMikul dhuwur, mendhem jeroPamenging gendul plastikPawadonanSesorahIwan FalsPanambangPrasasti YupaIndhonésiaLegawaDuryodanaPark Ji-SungMikro-organismeWarangganaMario GötzeKeshogunan TokugawaAngsangTobey MaguireHamka HamzahBillie EilishSlumdog MillionaireSugiarta SriwibawaGibran RakabumingWirangrongAchmad SoebardjoAgeng TirtayasaLintangJohannes KeplerOmah adat JawaAntimonSekatènSinomWibisanaAsem asetatSandhanganRawonKapuloan Maluku🡆 More