Kéblat iku tembung Arab kang tegesé arah kang dituju wektu umat Islam / Muslim ngayahi ibadat salat.
|
Wiwitané, kéblat iku tumuju menyang Yerusalem. Miturut Ibnu Katsir, Rasulullah SAW lan para sahabat salat madhep arah Masjidil Aksa. Nanging, Rasulullah luwih seneng salat ngadhep kéblaté Nabi Ibrahim, yaiku Ka'bah. Mulané beliau asring salat antarané 2 pojok Ka'bah saéngga Ka'bah dumunung ana antarané panjenengané lan Masjidil Aksa. Kanthi tumindak mangkono beliau salat sisan ngadhep Ka'bah lan Masjidil Aksa.
Sawisé ijrah menyang Madinah, cara mangkono mau ora bisa mmanèh. Beliau salat kanthi madhep Baitul Maqdis. Beliau asring ndhangak ngentèni wahyu tumurun supaya Ka'bah didadèkaké kéblat salat. Allah marengaké panyuwuné beliau lan mudhunaké ayat 144 Surat al-Baqarah:
Uga dicritakaké sajeroning sawijiné kadis riwayat Imam Bukhari:
Bab iku kadadéan ing taun 624. Kanthi tumuruné ayat mau, kéblat diganti dadi madhep menyang Ka'bah ing Mekah. Saliyané arah salat, kéblat uga minangka arah endhas kéwan kang disembelih, uga arah sirah jenazah kang disarèkaké.
Sajeroning 1000 taun pungkasan, sawatara matematikawan lan astronom Muslim kaya ta Biruni wis ngétung kanthi pener kanggo nemtokaké arah kéblat saka warna-warna panggonan ing jagad. Kabèh setuju yèn saben taun ana rong dina nalika srengéngé persis ing ndhuwuré Ka'bah, lan arah ayang-ayangan srengéngé ing ngendi waé ing donya mesthi ngarah menyang Kéblat. Prastawa mau dumadi saben tanggal 28 Mèi pukul 9.18 GMT (16.18 WIB) lan 26 Juli jam 9.27 GMT (16.27 WIB).
Mesthi waé ing sajeroning wektu mau mung saparo bumi kang éntuk cahya srengéngé. Saliyané iku ana rong dina liya nalika srengéngé persis ing waliking Ka'bah (antipoda), yaiku nalika ayang-ayang srengéngé uga ngarah menyang Ka'bah. Prastawa mau dumadi ing tanggal 28 November 21.09 GMT (4.09 WIB) lan 16 Januari jam 21.29 GMT (4.29 WIB)
Artikel ngenani Islam iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Kéblat, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.