Isra Mi'raj (Arab:الإسراء والمعراج, al-’Isrā’ wal-Mi‘rāğ) iku rong péranganing lelungan kang diayahi déning Muhammad sajeroning sawengi.
Kedadéyan iki minangka salah siji prastawa wigati tumrap umat Islam, amarga ing prastawa iki Muhammad Shallallahu Alaihi wa Sallam nampa préntah nglakoni salat limang wektu sadina sawengi.
|
Isra Mi'raj kadadéan ing kalamangsa pungkasan mangsa kanabian ing Makkah sadurungé Rasulullah Shallallahu Alaihi wa Sallam ijrah menyang Madinah. Miturut al-Maududi lan mayoritas ulama, Isra Mi'raj kadadéan ing taun pisanan sadurungé ijrah, yaiku antara taun 620-621 M. Miturut al-Allamah al-Manshurfuri, Isra Mi'raj kadadéan ing wengi 27 Rajab taun angka 10 kenabian, lan iki kang populèr. Sanadyan mangkono, Syaikh Shafiyurrahman al-Mubarakfuri nulak panemu mau kanthi alesan amarga Khadijah radhiyallahu anha séda ing sasi Ramelan taun angka 10 kenabian, yaiku 2 wulan sawisé wulan Rajab. Lan wektu iku durung ana kuwajiban salat limang wektu. Al-Mubarakfuri nyebutaké 6 panemu ngenani wektu kadadéan Isra Mi'raj. Nanging ora ana siji-sijia kang mesthi. Prastawa Isra Mi'raj kapérang dadi 2 prastawa kang béda. Sajeroning Isra, Muhammad Shallallahu Alaihi wa Sallam "dibudhalaké" déning Allah saka Masjidil Karam nganti Masjidil Aqsa. Banjur sajeroning Mi'raj Muhammad diunggahaké tumeka langit nganti Sidratul Muntaha kang dadi papan paling dhuwur. Ing kéné Nabi Muhammmad nampa préntah langsung saka Allah kanggo ngayahi salat limang wektu.
Tumrap umat Islam, prastawa mau minangka prastawa kang wigati, amarga wektu iki salat limang wektu diwajibaké, lan ora ana Nabi liya kang bisa lelungan nganti tekan Sidratul Muntaha.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Isra' Mi'raj, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.