Irving Berlin

Irving Berlin (lair ing Ruslan, 11 Mèi 1888 – pati ing New York City, Amérikah Sarékat, 22 Sèptèmber 1989 ing umur 101 taun) inggih punika satunggaling komponis lan panulis lagu Amérikah Sarékat, salah satunggaling pengarang lagu ingkang paling bakat lan misuwur wonten ing sajarah.

Irving Berlin
Pratélan latar wuri
Jeneng lairIsraèl Isidore Baline (Beilin)
Lair(1888-05-11)11 Mèi 1888
Tyumen, Russian Empire
SurudSèptèmber 22, 1989(1989-09-22) (umur 101)
New York City, New York, United States
GénreBroadway musicals, revues, show tunes
PakaryanSongwriter, composer, lyricist
Mangsa akarya1907–1971
Alexander's Ragtime Band, Edison Amberol cylinder, 1911

Berlin inggih punika salah satunggal saking sakedhik panulis lagu Tin Pan Alley/Broadway ingkang nyerat, tembung-tembung punapa déné musik saking lagu-lagunipun. Èwadènè piyambakipun boten natè sinau kanggé maos musik langkung saking tingkat ingkang paling dhasar, piyambakipun sampun ngarang langkung saking 3.000 lagu, antawisipuninggih punika ("God Bless America", "White Christmas", "Alexander's Ragtime Band", "There's No Business Like Show Business") nilaraken tandha ingkang boten saged kabusak wonten ing musik lan budaya Amérika. Kajawi lagu-lagunipun punika, piyambakipun ugi ngarang 17 karya musik kanggé filem lan 21 karya musik Broadway.

Biografi

Masa Alit

Berlin miyos kanthi namaIsraèl Isidore Baline wonten ing sadengahing kulawarga Yahudi wonten ing Tyumen, Ruslan kamungkinan Mogilev, sapunika péranganing Bélarus). Kulawarganipun migrasi dhateng Amérikah Sarékat rikala taun 1891. Tiyang sepuhipun ingkang nama Leah (Lena) Yarchin lan Moses Baline; bapakipun minangka "rabi" lan pikantuk pedamelan kanthi maringaken sertifikat kosher meat.

Sasampun bapakipun tilar donya ing taun 1896, Irving kedah kerja kanggé saged tetetp gesang. Piyambakpiun nindakaken kathah pedamelan ing margi, kalebet nyadè ariwarta lan busking. Realitas ékonomi ingkang keras saèngga piyambakipun kedah kerja utawi luwè, njalari dampak ingkang rumesep tumrap caraning Berlin mèrang kabetahan artanipun. Dènè ugi kerja minangka pelayan ingkang nyanyi ing Kafe Pelham ing Pecinan, Berlin dipunsuwuni pirsa déning ingkang gadhah saperlu ngarang satunggaling lagu asli kanggé kafenipun amargi kedai sainganipun gadhah lagu piyambak ingkang dipunterbitaken. Kasilipun inggih punika "Marie from Sunny Italy", ingkang lajeng dipunterbitaken. Èwadènè lagu punika namung pikantuk bayaran 37 sen arta punika maringi sawijining karier énggal lan nama ingkang énggal ugi: Israèl Baline lepat anggènipun nyetak dados "I. Berlin" wonten ing kertas musikipun.

Kathah saking lagunipun ingkang kapisanan, antawisipun "Sadie Salome (Go Home)", "That Mesmerizing Mendelssohn Tune", lan "Oh How That German Could Love", cukup sukses wonten ing wujud lembaran musik, minangka rekaman, ing panggung vaudeville, utawi minangka interpolasi ing salebeting pertunjukan panggung, nanging lagu ingkang "Alexander's Ragtime Band", ingkang dipunkarang taun 1911, ingkang damel karieripun minggah minangka salah satunggaling bintang paling cemerlang saking Tin Pan Alley. Richard Corliss, wonten ing Time nyerat profil Berlin taun 2001.

Sapèrangan saking lagu karya Berlin

  • "Always"
  • "Anything You Can Do (I Can Do Better)"
  • "Any Bonds Today?"
  • "Back to Back"
  • "Blue Skies"
  • "Change Partners"
  • "Cheek to Cheek"
  • "Doin' What Comes Natur'lly"
  • "Easter Parade"
  • "God Bless America"
  • "Heat Wave"
  • "Hostess with the Mostest"
  • "How Deep is the Ocean?"
  • "I Love a Piano"
  • "I've Got My Love To Keep Me Warm"
  • "Isn't This a Lovely Day?"
  • "I Want To Go Back To Michigan, Down On The Farm"
  • "Let Yourself Go"
  • "Let's Face The Music and Dance"
  • "Let's Have Another Cup of Coffee"
  • "No Strings (I'm Fancy Free)"
  • "Oh, How I Hate to Get up in the Morning"
  • "A Pretty Girl is Like a Melody"
  • "Puttin' on the Ritz"
  • "Say It Isn't So"
  • "Stay Down Here Where You Belong"
  • "Steppin' Out With My Baby"
  • "This Year's Kisses"
  • "Top Hat, White Tie and Tails"
  • "What'll I Do?"
  • "When I Leave The World Behind"
  • "White Christmas"

Rujukan

  • Hischak, Thomas S. (1991). Word Crazy, Broadway Lyricists from Cohan to Sondheim. ISBN 0-275-93849-2.
  • Leopold, David (2005). Irving Berlin's Show Business: Broadway - Hollywood - America. ISBN 0-8109-5891-0.
  • Barrett, Mary Ellin (1994). Irving Berlin: A Daughter's Memoir. ISBN 0-671-72533-5.
  • Bergreen, Laurence (1991). As Thousands Cheer: The Life of Irving Berlin. ISBN 0-670-81874-7.
  • Hamm, Charles (1997). Irving Berlin: Songs from the Melting Pot. ISBN 0-19-507188-3.

Cathetan suku

Pranala njaba

Cithakan:Great American Songbook

Tags:

Irving Berlin BiografiIrving Berlin Sapèrangan saking lagu karya BerlinIrving Berlin RujukanIrving Berlin Cathetan sukuIrving Berlin Pranala njabaIrving Berlin

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Surat As SajdahBoeing 747Wuku JulungwangiWayang purwaMicrosoft Windows475 OktoberRuslan1980Wali BandMusikSurat Al Ikhlash1991MaskumambangWukuISO 3166-1Surat Al QiyaamahBotaniIranSikilSpektrum elektromagnetikWilangan pecahanSwitserlanAsmaradanaSpanyolKedhokteran14FilsafatUla marani gebugTurkiAksara PégonPada pangkatMartin Suryajaya45TumpengUdanFacebookGoogleGunemAnak Jalanan (sinetron)Bèlgi2002Surat Al BaqarahDrupadiWikiJurudemungPeking (gamelan)19112TransponderTembung sipatAténaMendhem ari-ariWewengkon dependensiKanthong semarUyon-uyonPadunungKagunanBlangkonKakaisaran BizantinEnting-enting gepukYoniLaut KaspiaKoalaDadar gulungThaiWaferMoldhophaPapaTaun🡆 More