Dhawet Camcau

Dhawet camcau inggih punika dhawet ingkang salah satunggal bahan pokokipun saking cao.

Unjukan punika asalipun saking Daérah Istiméwa Ngayogyakarta. Ing warsa 2018, dhawet camcau mlebet ing Warisan Budaya Takbenda Indonesia mawi nomer règistrasi 2018008682.

Dhawet camcau
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaDaérah Istiméwa Ngayogyakarta
Woworan pokokSanten, céndhol, juruh, cao
Dhawet Camcau Buku masakan: Dhawet camcau  Dhawet Camcau Médhia: Dhawet camcau

Wedharan

Miturut katrangan Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya, dhawet camcau sampun wonten ing Ngayogyakarta kawit abad kaping 19. Ing abad kaping 19 minggah, bakul dhawet camcau limrahipun dodolan wonten ing Peken Kuthagedhé kaliyan Beringharja. Nanging sabibaripun warsa 1980, sampun kathah bakul dhawet ingkang dodolan mawi grobag sabab kala semanten tiyang-tiyang plesiran mindhak kathah dumugi Ngayogyakarta.

Sasanèsipun kagem unjukan ing padintenan, dhawet camcau ugi dipun anggé ing upacara adat kaliyan tradhisi, kados ta upacara brokohan, upacara resèpsi nalika bésan saking laré putri dados bakul dhawet camcau, kaliyan upacara mitoni. Kajawi punika, dhawet camcau dipun suguhaken nalika selikuran ing wulan Pasa, saha nalika slametan.

Cara panyaosanipun inggih sami kaliyan dhawet-dhawet limrah. Bahan pokok dhawet camcau dumados saking santen, céndhol, juruh, kaliyan cao. Céndholipun gadhah tigang werni, pethak tanpa pawerni, ijem ingkang werninipun saking pawerni alami–ron suji–kaliyan abrit ingkang werninipun saking pawerni dhaharan.

Rujukan

Tags:

CaoDaérah Istiméwa YogyakartaDhawet

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

IndonKenongTembung entarBleachUpacara tingkebanC++Banjar Tengah, Negara, JembranaWayangKanayakan Indonésia2006Stadion Gelora Bung KarnoKethukSingaAksara CarakanPérakTebuGunung RaungBasa MalayuMarie AntoinetteAsian Football ConfederationMustarPamenging gendul plastikMetanolSengkalanReza RahadianErling HaalandDagestanLaura BasukiMartha TilaarSoenarkoSamudra PasifikTembagaLintangIkeaBromBima (paraga Mahabharata)PattimuraPawadonanISBNRadèn PatahPurwakanthi28 OktoberAlbert EinsteinWest VirginiaFriendsterAngga Aldi YunandaSahCornelia AgathaMa'ruf AminItriumHidrogenKleponSisingamangaraja XIIChristopher ColumbusKendhangJesse JamesPangarep-arepAjaran Samin SurasentikaLechonaGita WirjawanPariwaraTrombositLemperAndhika PratamaPeking (gamelan)Krajan Sumedang LarangCoboy JuniorÈngklèkKomengSaridin (Syeh Jangkung)Dian SastrowardoyoYésus KristusBudayaStadion Jassim Bin Hamad🡆 More