Chanyeol

Park Chan-yeol (wiyos 27 Novèmber 1992), langkung dipunmangertosi minangka mononim Chanyeol inggih menika rapper, penyanyi, ingkang nyerat lagu, lan aktor Korea Kidul.

Piyambakipun menika kalebet anggota saking grup penyanti jaler Tiongkok-Korea Kidul EXO lan sub kelompok EXO-K.

Park Chan-yeol
Chanyeol
Chanyeol ing wulan Desember 2019
LairPark Chan-yeol
(1992-11-27) Novèmber 27, 1992 (umur 31)
Seoul, Korea Kidul
Pakaryan
Karir musik
Génre
Piranti
Mangsa akarya2012–samenika
LabèlS.M. Entertainment
Sing magepokan
Sana jaringanexo-k.smtown.com
Nama Korea
Hangul
Hanja
Alihaksara Koréa Kang Sinampurnapark Chan-yeol
McCune–ReischauerPark Ch'anhyŏl

Biografi

ka|jmpl|300px

1992-2011: Pra-debut

Park Chanyeol (박찬열) miyos wonten ing Seoul, Korea Kidul nalika tanggal 27 Novèmber 1992. Piyambakipun menika sekolah wonten ing Hyundai Chungun High School ing Dong-gu, Ulsan. Nalika piyambakipun menika umur 16 taun, Piyambakipun menika sinau wonten ing institut akting privat. Chanyeol menika nyepeng drum, kaliyan band ingkang dipundamel wonten ing sekolahipun. Chanyeol menika menangaken angka kalih wonten ing kontès modhèl televisi. Chanyeol menika dipunlebetaken wonten ing SM Entertainment nalika wonten SM Casting System nalika taun 2008. Sareng kaliyan anggota EXO sanèsipun, Suho lan Kai, piyambakipun medal sakedhik wonten ing vidéo klip TVXQ ingkang irah-irahan "HaHaHa Song" nalika taun 2008. Piyambakipun menika ugi medal wonten ing vidéo klip Girls' Generation ingkang irah-irahan "Genie" wonten ing basa Jepang ingkang dipunrilis nalika wulan Agustus 2010. Chanyeol menika anggota pungkasan ingkang dipuntepangaken ing tanggal 23 Februari 2012.

2012-samenika: Debut kaliyan EXO

EXO debut wonten ing 2011 SBS Gayo Daejun nalika tanggal 29 Dhésèmber 2011. SM Entertainment ngrilis pers kanggé ngumumaken boyband ingkang rencana badhé debut nalika wulan Maret utawi April 2011. Pawartos menika boten medal dumugi 11 Dhésèmber 2011, nalika SM Entertainment nepangaken anggota boyband ingkang énggal menika wonten ing trailer kanthi individu. Chanyeol menika medal wonten ing trailer nalika 23 Fèbruari 2012. Prolog single "What Is Love" ingkang namung dipuntembangaken dening Baekhyun lan D.O., dipunrilis nalika tanggal 30 Januari 2012. Grup menika ugi medalaken rilis prolog single ingkang angka kalih kanthi irah-irahan "History" tanggal 9 Maret 2012.

EXO menika ngawontenaken showcase pre-debut ingkang sapisan wonten ing Seoul's Olympic Stadium, nalika tangga 31 Maret 2012, satus dinten sasampunipun EXO debut trailer sepisan wonten ing 21 Dhésèmber 2011. Kirang langkung wonten 3000 fans saking 8000 tiyang ingkang nglamar ingkang dipunpilih kanggé rawuh wonten ing adicara kasebat. Grup menika ngawontenaken showcase kingkang angka kalih lan ugi konferensi pers sepisan wonten ing Aula ageng saking University of International Business and Economics ing B2ijing, Cina nalika tanggal 1 April 2012.

Debut resmi tunggal single "Mama" dipunrilis nalika tanggal 8 April 2012, dipundhèrèkaken kanthi satunggaling EP, Mama, nalika tanggal 9 April 2012. Nalika tanggal 8 April 2012, EXO-K nggelar tampilanipun wonten ing satunggaling program musik The Music Trend.

Diskografi

Minangka tiyang ingkang nyerat lagu

Tahun Lagu Artis Album Cathetan
2013 "Lucky" EXO XOXO Co-written kaliyan Baekhyun (Korean Version)
2014 "Run" EXO-K Overdose Co-written (Rap lyrics)
"Promise 약속" EXO Love Me Right Co-written kaliyan Chen (Korean Version)
2015 "Lightsaber" EXO Sing for You Co-written kaliyan MQ, Jung Ju-hee
2016 "Heaven" EXO EX'ACT Co-written kaliyan Min Yeon-Jae

Filemografi

Tahun Irah-irahan Lakon Tanggal babar
2015 EXO Next Door Chanyeol 9 April
Salut d'Amour Min-Sung
2016 So I Married an Anti-Fan Hoo-Jun 30 Juni
2017 Missing Nine Lee Yeol 18 Januari 2017

Medal wonten ing musik vidéo

Tahun Lagu Artis
2008 HaHaHa Song TVXQ
2010 Genie (versi Jepang) Girls' Generation
2012 Twinkle Girls' Generation-TTS
2013 You Don't Know Love K.Will
2015 Wish List f(x)

Rujukan

Pranala njawi

Cithakan:EXO

Tags:

Chanyeol BiografiChanyeol DiskografiChanyeol FilemografiChanyeol Medal wonten ing musik vidéoChanyeol RujukanChanyeol Pranala njawiChanyeolEXOKorea Kidul

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

SahurSujiwo TejoDominique HouraniSemangkaKenongMuhammad Arsyad al-BanjariGaranganIwak EpéLisozimSerat WédhatamaLeléwaning basaPaskahCitibankAtomKelinciBaliJulius CaesarRadja NainggolanKhadijah binti KhuwailidGamelanSamuel RizalUkara critaMaskotBudapestHeather StormOmah JogloSufismeBasa JawaKinanthiKaisar LongqingAsia-PasifikRukun IslamKabiskopan NiceKerisGiotto di BondonePapan Anggegana Tegel BerlinUdohꦕꦁꦏꦶꦂLos Angeles LakersBritaniaAsem lemakJathilanꦱꦼꦝꦼꦏꦃꦧꦸꦩꦶWayangGinséngMartin EvansPutihBerlinHolodomorGanjar PranowoMarylandSetatsiyun PurwakertaAksara CarakanPeléGugon tuhonMuhammad NoerWajibWarisan budayaBenikTwiceNamibiaGaruda Wisnu KencanaKempulParaguayMahabharataPuérto RikoAli-aliCenilOmanPatih SuwandaSurat Al An’amLunpiaNoe LettoSemar🡆 More