Casus Belli

Casus belli iku tembung basa Latin modhèren sing tegesé Aksi utawa insiden sing nyumet kadadéan paprangan.

Casus tegesé insiden utawa kadadéan, lan belli tegesé "perang". Sanajan tembung iki kaya-kaya wis suwé dianggo amarga mawa basa Latin, nanging sajatiné lagi muncul ing pungkasan abad kaping-19, kanthi munculé dhoktrin pulitik "jus ad bellum", utawa dhoktrin ngenani perang sing sah.

Sawijining pamaréntahan sing nyatakaké perang bakal njlèntrèhaké sebab-sebabé lan kaanan sing mbeneraké perang mau sajeroning casus belli. Kanthi ngukuhaké jalaran-jalaran sing cetha, papréntahan iku nuduhaké yèn perang pancèn minangka dalan pungkasan ("ultima Ratio"), lan papréntahan mau duwé "sebab sing bener" ("just cause") kanggo miwiti perang.

Casus belli sing bener bisa dianggo sarana supaya warga nagara njurung perang mau. Yèn sawijining nagara nyerang nagara liya tanpa sebab sing cetha, ana kamungkinan rakyat ora sarujuk lan nganakaké pambrontakan. Nanging ing jaman modhèren, casus belli luwih dianggo mbeneraké aksi perang tumrapé komunitas global, ya iku nagara-nagara liya lan médhia.

Uga delengen

  • Pratélan Ukara Latin

Tags:

Abad kaping-19Basa LatinPerangTembung

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Agnostisisme1970-anZhou EnlaiSrabiAmanita muscariaTembung wilangan babonKabiskopan Galway, Kilmacduagh, lan KilfenoraAbangSoedarpo Sastrosatomo14UniversitasEnting-enting gepukWikipédiaYoniLeonhard EulerGeorge WashingtonSiprusRuwatanJubaSurat Al Qadr1922Parté DhémokratBumiGeorge Best20072001Mohammad YaminISO 3166-1ListrikIranDhialèk PacitanSurat Al JinA1977RomaAdobe Flash PlayerDrupadiBal-balan gagrag Amérika SarékatShioStephanie HandojoBarakudaAlasMesopotamia22Dedi NatadiningratKendhang27Kunir asemSpektrum elektromagnetikGeffenShabeellaha HooseGugon tuhonTembung éntarTaunGarèngBèlgi1929WohAlfabèt KirilArief Yudi RahmanBengkuluKajiXenarthraKumbakarnaOrganismeWikisumberMali6 AgustusBal-balanQatarKarnaBanyuElizabeth OlsenBisma🡆 More