Big Ben inggih punika lonceng ageng ing menara jam ing Gedhung Parlemen ing Westminster, London.
Asma punika ugi dipun-ginakaken kanggé ngurujuk menara punika piyambak. Menara jam dumunung ing sisih lèr Pura Westminster ing Central London ingkang dipunyasa taun 1859.
Menara punika dipuntepang kanthi asma Big Ben amargi minangka sebatan kanggé lonceng ingkang paling ageng ing menara jam ingkang sadèrèngipun dipunsebat Bell Ageng. Menara punika nginggilipun 96 mèter lan kirang langkung wonten 400 jangkah ing nginggilipun. Wewangunan punika boten kanggé turis mancanagara. Namung warga Inggris ingkang gadhah idin kanggé minggahi Big Ben. Westminster Bridge inggih punika papan ingkang saé kanggé mundhut gambar lan Parliament Square.
Menara punika dipunyasa kanggé péranganing pangyasanipun pura énggal déning Charles Barry, sasampunipun Pura Westminster ingkang kebesmèn ing tanggal 22 Oktober 1834. Menara ingkang nginggilipun 96.3 mèter dipunbiyangu kanthi gaya Gothik Victoria. 61 mèter ing ngandhap jam dipundamel saking bata ingkang dipunlapisi sèla, sanèsipun punika nginggilipun menara saking ragangan wesi ingkang dipundamel saking wesi leleh. Menara punika dipunyasa ing nginggilipun lemah 15 mèter ping 15 mèter, pondasinipun saking beton kandelipun 3 mèter. Sedaya sisih jam nginggilipun 55 mèter
Jam punika dipundesain déning pangacara lan horologis Edmund Beckett Denison, lan George Airy, inggih punika Astronom Karajaan. Jam punika dipundamel Edward John Dent, ingkang rampung ing taun 1854. Nanging taksih dèrèng rampung ngantos taun 1859. Nalika Blitz London, Pura Westminster dipunbom déning Jerman,ing tanggal 10 Mèi 1941, bom dadosaken kalih saking sekawan ngajeng jam rusak lan nginggilipun menara sarta ngrusaka papan dewan rakyat. Arsitek Sir Giles Gilbert Scott ingkang dandosi papan punika.
Kerusakan ing Big Ben inggih punika:
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Big Ben, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.