Beksan Jurit Ampil Kridha Warastra

Beksan Jurit Ampil Kridha Warastra iku sawijining beksan jinis tradhisional kang asalé saka Kutha Salatiga.

Beksan kasebut mimbanaké bab bregada garwa ampil (selir) saka Mangkunagara I utawa Radèn Mas Said (Pangéran Sambernyawa) jroning Prajanjèn Salatiga. Beksan iki kalebu beksan kang ora kaiket déning klumpukan, ateges bisa dibeksanaké kanthi cara klumpuk, pasangan, lan tunggal. Bebakal tradhisional saka beksan kasebut tinemu jroning solah, iringan lagu, sandhangan, lan arès, nanging ing saikiné wis kacampuran kalawan bebakal anyar kang ngetutké lumakuné jaman.

Beksan Jurit Ampil Kridha Warastra
Beksan Jurit Ampil Kridha Warastra iku beksan kang asalé saka Kutha Salatiga. Beksan kasebut mimbanaké babagan bregada garwa ampil (selir) saka Mangkunegara I jroning Prajanjèn Salatiga.

Teges beksan

Beksan Jurit Ampil Kridha Warastra 
Beksan Jurit Ampil Kridha Warastra kalebu beksan kang ora kaiket déning klumpukan, ateges bisa dibeksanaké kanthi cara klumpuk, pasangan, lan tunggal.

Beksan Jurit Ampil Kridha Warastra ngemu teges, ya iku jurit kang ateges "prajurit", garwa ampil tegesé "selir" – saka Mangkunagara I, lan warastra kang ateges "gendhéwa" utawa "panah". Beksan kasebut mimbanaké bab bregada garwa ampil (selir) sajroning Prajanjèn Salatiga kang dileksanakaké surya ping 17 Maret 1757. Ing prajanjèn kasebut saben péhak (Hamengkubuwana I, Pakubuwana III, lan Mangkunagara I) sarujuk kanggo gawa lan nuduhaké kadigdayan bregadané. Mangkunagara I uga nuduhaké sawenèh bregada kang ngampigi panjenengané, salah sijiné ya iku Jurit Ampil, utawa golonganing prajurit putri para seliré.

Bebakal beksan

Beksan Jurit Ampil Kridha Warastra 
Bebakal tradhisional saka Beksan Jurit Ampil Kridha Warastra tinemu jroning solah, iringan lagu, sandhangan, lan paès, nanging ing saikiné wis kacampuran kalawan bebakal anyar kang ngetutké lumakuné jaman.

Beksan iki kalebu beksan kang ora kaiket déning klumpukan, ateges bisa dibeksanaké kanthi cara klumpuk, pasangan, lan tunggal. Bebakal tradhisional saka beksan kasebut tinemu jroning solah, iringan lagu, sandhangan, lan paès, nanging ing saikiné wis kacampuran kalawan bebakal anyar kang ngetutké lumakuné jaman. Beksan kasebut uga ana worsuh beksan tradhisional modhèl Surakarta lan beksan rakyat, kang akèh jupuk saka solah kaprajuritan. Déné iringan musik beksan iki migunakaké gamelan Jawa laras pélog saka gendèr, kendhang, demung, saron, kempul, lan gong. Jinis gendhing kang dianggo kayata lancaran, srepeg, lan palaran.

Sandhangan kang dianggo ing ing beksan iki uga sandhangan bregada putri kanthi rambut kang digelung sethithik lan manganggo makutha werna emas. Sandhangan werna biru alengen cendhèk kanthi rerenggan prada mas, sabuk, lan dodot, sarta clana dawané sadhengkul. Gegaman migunakaké endhong, jemparing, nyenyep, gendhewa, lan cundrik. Tata paès para pambeksa duwèni ancas kanggo biyantu neguhaké karakter, budi pakarti, lan solah bawa sawijining prajurit.

Uga delengen

Rujukan

Pranala jaba

Tags:

Beksan Jurit Ampil Kridha Warastra Teges beksanBeksan Jurit Ampil Kridha Warastra Bebakal beksanBeksan Jurit Ampil Kridha Warastra Uga delengenBeksan Jurit Ampil Kridha Warastra RujukanBeksan Jurit Ampil Kridha Warastra Pranala jabaBeksan Jurit Ampil Kridha WarastraKutha SalatigaPangéran Sambernyawa

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Patih SuwandaArtikelKabupatèn KlungkungAtambua, Beluꦏꦂꦤꦮ꦳ꦭ꧀Jesse JamesTamanNathan TellaRyan GiggsHasmoneanThe HeirsPeperangan SekigaharaIwan FalsBokongHajar AswadCatherine WilsonAdeodatus IJefri NicholYoon Bo-miGendéraSami KhediraHibiki ŌtsukiBale Sigala-galaAbdul SomadSeni tayubTunggak jarak mrajak tunggak jati matiAndre TaulanyMbobotPattimuraRévolusi PrancisAlbert Chinualumogo Achebeꦄꦏꦸꦭ꧀ꦠꦸꦫꦱꦶDhakonTimbanganSamudra PasifikSepur Jaka TingkirDriveAksara CarakanDhomain publikAsmaradanaAsmaaulhusnaBeras kencurWayang JemblungSastraSinarmas GroupKucingTrombositSengkalanDenny CaknanHidrogenꦥꦱꦃZulkifli HasanMikèl ArtétaSurat Al MuzzammilFerry MaryadiLesmanaAl-Mustadrak ala ash-ShahihainManchester United F.C.Mia KhalifaGravitasiIndhonésiaAngka JawaVeve ZulfikarDian SastrowardoyoTessa KaunangIwak pitikAsem asetatBillie EilishLindhuRasismeAndi Alfian MallarangengRépublik Rakyat CinaSatéMein Kampf🡆 More