Bedhaya inggih punika jogèd utawi beksa ingkang dipuntarèkaken déning kenya cacah sanga.
Bedhaya saking tembung ambedhaya ateges nari. Beksan Bedhaya inggih punika salah satunggaling beksa ingkang asifat sakral dipunripta déning Panembahan Sénopati kaliyan Kanjeng Ratu Kidul. Rikala jaman samanten jogèd bedhaya punika namung dipunpagelaraken wonten lingkungan kraton kémawon lan tiyang Jawi kraton boten saged midhangetaken, awit jogèd bedhaya punika kagolong jogèd ningrat lan sakral. Jogèd bedhaya dipunsebat jogèd sakral amargi jogèd punika ngandhut suraos falsafah tiyang gesang ingkang agung, khususipun kanggé tiyang Jawi.
Tembung bedhaya punika kapendhet saking basa Sanskerta, inggih punika budha ingkang gadhah makna awal, wiwitan utawi suci. Wonten ing salebeting jogèd bedhaya punika kedah tiyang pinilih ingkang saged narèkaken. Tiyang punika kedah kenya ingkang taksih prawan ingkang dèrèng nggarap sari (haid) lan saged nglampahi sarat-sarat lelampah ingkang dipunwajibaken sadèrèngipun mbeksa, inggih punika lelampah spiritual kebatinan, pasa, lan dipunpingit wonten panggènan mligi supados para paraga jogèd punika siyap lair batin lan kadhidhik méntal ugi kapribadhènipun.
Rikala jaman samanten para paraga jogèd bedhaya punika inggih saged ugi para tiyang jaler utawi tiyang kakung kang taksih anèm lan gadhah wiraga kadhos tiyang putri, alus lan subasita. Jogèd ingkang dipunbektakaken lajeng kasebat jogèd bedhaya kakung utawi bedhaya jaler alasanipun jogèd punika dipunbektakaken kaliyan tiyang kakung amargi tiyang putri wonten alanganipun inggih punika haids lan jaman samanten tiyang putri boten angsal campur dados satunggal yèn dèrèng palakrama. Kajawi punika, jogèd bedhaya dipuntarèkaken ing wekdal ingkang dangu. Manawi tenaganipun boten saé saged andadosaken gerah utawi lungkrah. Wekdal ingkang dipun-ginakaken rikala jaman samanten saged ngantos satunggal setengah jam. Pramila saking punika penarinipun kedah pilihan.
Para paraga utawi penari cacah sanga punika wau ngandhut suraos piyambak-piyambak, inggih punika Batak, gulu, jaja, hendel, apit ngajeng, apit winking, wedhalan ngajeng, wedhalan wingking lan buncit. Setunggal lan setunggalanipun mawa makna lan filosofi ingkang bènten-bènten.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Bedhaya, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.