Areng Watu: Watu kanggo bahan bakaran

Areng watu (krama areng séla) utawa setingkul yaiku sawijining watu bahan bakar fosil.

Arti umum yaiku watu kang bisa kanggo bahan bakar, asalé saka endhapan organik, yaiku saka sisa tuwuhan lan kadhapur liwat prosès pembatubaraan. Unsur-unsur mligi saka karbon, hidrogen lan oksigèn.

Areng Watu: Watu kanggo bahan bakaran
Conto batu bara

Batu bara uga tunggalé watu organik kang duwé sipat-sipat fisika lan kimia kang komplèks kang bisa ditemoni ing manéka bentuk.

Analisa unsur mènèhi cara formula empiris kaya C137H97O9NS kanggo bituminus lan C240H90O4NS kanggo antrasit.

Pambentukan areng watu mbutuhaké kahanan-kahanan mirunggan lan mung bisa ing jaman-jaman kang ora mesthi saanané sajarah géologi. Jaman Karbon, kira-kira 340 (yuta taun kapungkur), yaiku jaman pambentukan batu bara kang paling prodhuktif kang mèh kabèh dhéposit batu bara (black coal) kang ékonomis kadhapur ing bumi sisih lor. Ing jaman Permian kira-kira 270 yuta taun kapungkur, uga kadhapur endhapan-endhapan batu bara kang ékonomis ing bumi sisih kidul, kaya ta Australia, lan maju terus nganti jaman Tersier (70 - 13 yuta taun kapungkur) ing bumi.

Kabèh unsur pambentuk batu bara yaiku saka tetuwuhan. Jinis-jinis tuwuhan pambentuk batu bara lan umuré miturut Diessel (1981) yaiku:

  • Alga, saka jaman Pre-kambrium nganti Ordovisium lan duwé sèl tunggal. Ing période iki endhapan batu bara sithik banget.
  • Silofita, saka jaman Silur nganti Devon Tengah, yaiku turunan saka alga. Ing période iki, endhapan batu bara uga sithik.
  • Pteridofita, saka jaman Devon dhuwur nganti Karbon dhuwur. Matèri utama pambentuk batu bara ing jaman karbon ing Éropah lan Amérika Lor. Tuwuhan tanpa kembang lan isi, uripé nganggo spora lan urip ing iklim anget.
  • Gimnospermae, wiwit saka jaman Permian nganti jaman Kapur Tengah. Tuwuhan heteroseksual, isi keblongsong ing woh, kaya pinus, lan ana unsur tlutoh (resin) kang dhuwur. Jinis Pteridospermae kaya gangamopteris lan glossopteris yaiku panyusun utama batu bara Permian kaya ing Australia, India lan Afrika.
  • Angiospermae, saka jaman Kapur dhuwur nganti saiki. Jinis tuwuhan modhèren, woh kang nutupi isi, kurang tlutoh dibandhingaké karo gimnospermae, dadi rada angèl diawètaké.

Cathetan sikil


Tags:

HidrogenKarbonOksigènTuwuhanWatu

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

JihadPamanasan globalOrbitBaktèriSusu untaVlad ŢepeşLawang SèwuJoko SusiloPeru1991Semir rambutꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃOlympus MonsWikiquoteFrancesco RediGaya asuAnggang-anggangJuli18Surat Al KaafiruunManungsaChicago, IllinoisWesley SneijderKomando Daerah Militer III/SiliwangiJanet JacksonKresnaCakilAin (Departemen ing Prancis)NguyuhÉkonomètrikaBarabudhurGunawan SudradjatCacah sirahWukuRengginangSesorahJepangYati OctaviaKapulaga1911Piranti musikKutha BandhungPerangBumiRomaMotorheadCumbanaRawas Ulu, Musi RawasJayaningrat (Patih Surakarta)Ruqyah22023YodiumParitas daya tukuTokaido ShinkansenTembung ngoko jenengKim Hyun-joongTandha kapangkatan TNI Angkatan DharatGim komputer1899As Aventuras de Gui & EstopaYoga wudaRamadanSurat Al MuddatstsirCak PercilAlsaceHanjaWikisumberBakuPlexus brachialisWindows 2.01975🡆 More