Basa madya (saiki kaaran basa krama madya) iku basa Jawa kang nganggo tembung madya mawa ater-ater saha panambang ngoko.
Miturut unggah-ungguh Jawa kang lawas, basa madya dumunung ing antaraning basa ngoko lan basa krama. Kala samana, péranganing basa madya ana telu: madya ngoko, madyantara, lan madya krama. Ing unggah-ungguh Jawa kang anyar, basa madya ora kaanggo manèh; ora madeg dhéwé kang séjé saka basa ngoko lan basa krama. Ing samangko, basa madya sok kaanggep péranganing basa krama minangka basa krama kang ora alus lan ora baku, mula kaaran basa krama madya.
Duk nguni, péranganing basa madya ana telu: madya ngoko, madya krama, lan madyantara. Mangokoa, sawenèh pustaka ora sarujuk anggoné mratélakaké madya krama lan madyantara.
Cathetan: mungguh ing conto, tembung ngoko dikandelaké lan digarisi sor, tembung krama dikandelaké, déné tembung krama inggil digarisi sor.
Basa madya ngoko iku basa madya kang nganggo tembung madya lan tembung ngoko mawa ater-ater lan panambang ngoko. Madyama purusané nganggo tembung dika, déné pratama purusané nganggo tembung kula. Panganggoning basa madya ngoko padatané ing guneming bakul marang bakul. Ing sor iki conto ukara kang nganggo basa madya ngoko.
Basa madya krama iku basa madya kang nganggo tembung madya lan tembung krama mawa ater-ater lan panambang ngoko (Panemu 1). Ana panemu liya manawa basa madya krama uga ngemu tembung krama inggil (Panemu 2). Panganggoning basa madya krama padatané ing guneming wong wadon marang bojoné. Ing sor iki conto ukara kang nganggo basa madya krama.
Basa madyantara iku basa madya kang nganggo tembung madya, tembung krama, tembung krama inggil kanthi ater-ater lan panambang ngoko (Panemu 1). Ana panemu liya manawa basa madyantara mung ngemu tembung madya lan tembung krama (Panemu 2). Panemu liya manèh ngarani basa madyantara padha karo basa madya ngoko, mung béda ing madyama purusa kang nganggo tembung mang, samang, utawa sampéyan ing basa madyantara (Panemu 3). Panganggoning basa madyantara padatané ing guneming wong wadon marang bojoné, priyayi cilik marang priyayi cilik, lan priyayi marang saduluré kang pangkat luwih cendhak. Ing sor iki conto ukara kang nganggo basa madyantara.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Basa madya, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.