Artikel utawa èntri Wikipédia iku kaca sing isiné informasi ènsiklopédhis.
Artikel ènsiklopédhis sing becik iku ngenani topik-topik sing kondhang, macak manéka werna panemu, diwuwuhi rujukan saka sumber-sumber sing miyatani, lan digayutaké karo topik-topik sing magepokan. Artikelé akèh-akèhé isiné paragraf lan gambar, nanging uga ana sing isiné mligi pratélan (dhaftar) utawa tabèl. Kanggoné Wikipédia, pratélan lan tabèl uga kagolong artikel.
Kaca dhisambiguasi, cithakan, kothak navigasi, kaca naraguna, kaca parembugan, kaca barkas, kaca kategori, kaca pitulung, lan kaca pranatan Wikipédia iku dudu artikel (tiliki WP:GOVP).
Wacanen Wiki: Sesirah artikel supaya panjenengan weruh carané milih sesirah (judhul) artikel.
Saben artikel ana cakupané, ya iku samubarang sing dirembug sajeroning artikel. Artikelé isiné kudu awujud ringkesané apa-apa sing dicakup, ana boboté, tur adhedhasar sumber-sumber sing miyatani.
Artikel ing kéné béda-béda mutuné, saka sing dhuwur mutuné kaya ta artikel utama ngangsi sing asor mutuné sing kudu gagé dibusak. Sawenèh artikel isiné (kontèné) dawa tur pepak, déné uga ana sing isiné cendhak (bokmanawa isih awujud rintisan) utawa mutuné kurang.
"Artikel" kalebu ing mandala-aran pokok saka kaca-kaca Wikipédia (uga diarani "mandala-aran artikel" utawa mung "mandala pokok").
Mandala-aran pokok, mandala-aran artikel, utawa mandala pokok iku mandala-aran ing Wikipédia sing isiné mirunggan kanggo bauwarna (énsiklopédhi)—ya iku wadhahé artikel Wikipédia "sing sajati", kuwalikané kaca Kothak wedi.
Mandala-aran pokok iku mandala-aran gawan sing ora nganggo ater-ater ing jeneng kaca artikelé. Iki béda saka mandala-aran liyané sing mesthi nganggo ater-ater ing jeneng kacané kanggo nandhani asalé mandala-aran. Contoné, kabèh kaca naraguna diater-ateri déning "Naraguna:"
, kaca parembugané déning "Parembugan Naraguna:"
cithakan déning "Cithakan:"
lan manéka werna jinis kaca administratif internal déning "Wiki:"
(kaya ta kaca iki). Mulané, kaca apa waé sing digawé tanpa ater-ater bakal otomatis digolongaké ing mandala-aran artikel.
Mandala-aran pokok isiné dudu kaca-kaca saka mandala-aran liyané sing duwé ancas kusus, kaya ta:
Nanging, ora kabèh kaca ing mandala-aran artikel diarani artikel; pethingané ya iku:
Saben kaca ing mandala-aran pokok sinartan kaca parembugan, sing kalebu mandala-aran "Parembugan", ya iku sing sesirahé diater-ateri tembung "Parembugan:", banjur diterusaké jenengé kaca padha ing mandala-aran pokok. Contoné, "Parembugan:Banggaladésa" iku kaca parembugan kanggo artikel Wikipédia Banggaladésa.
Special:AllPages isiné pratélan kabèh kaca ing mandala-aran artikel lan en:Wikipedia:Statistics isiné statistik ngenani Wikipédia lan tuwuh-tumengkaré.
Wedharan otomatis sing dianggo déning piranti alus ing en:Special:Statistics ya iku: kaca apa waé sing ana ing mandala-aran artikel sing dudu kaca alihan lan isiné saorané pranala wiki cacah siji. Piranti alus statistik iku saiki durung bisa milah kaca dhisambiguasi; uga milah artikel rintisan (nanging ing sawenèh kahanan, akèh artikel tinengeran rintisan isiné cukup wigati) utawa pratélan rintisan (pratélan sing isiné sithik utawa ora ana isiné).
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Wikipédia:Apa sing diarani artikel?, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.