Transoksani

Transoksani utawa Mā warāʼ al-Nahr (Arab: ما وراء النهر‎‎, pangucap cara Arab: , tegesé 'sing ana ing sabrang kali ') utawa Farārūd (Pèrsi: فرارود‎‎, pangucap cara Pèrsi: , tegesé 'sabrang kali ') iku aran kuna kanggo sawijining laladan ing Asiah Tengah sing saiki dadi nagara Uzbèkistan, Tajikistan, Kyrgyzstan iring kidul, lan Kazakhstan iring kidul-kulon.

Laladan iki ana ing antarané Kali Amu Darya (Ancient Greek: Ώξος Ốxos) lan Kali Syr Darya. Wong Rum ngarani wewengkon iki Transoxania (tegesé 'tanah ing sabrang Oxus'), déné wong Arab ngarani wewengkon iki Mawarannahr (tegesé 'tanah ing sabrang kali'), lan wong Iran ngarani iki Turan, istilah sing uga dienggo ing carita Shahnameh.

Transoksani
Transoksani ing kala kapungkur (iring lor-wétan)

Laladan iki minangka salah siji wewengkon sing kabawah ing satrap (lurah) Darah Achaiménēs ing Pèrsi. Ing jaman samana, wewengkoné karan Sogdiana. Para juru ngèlmu bumi saka Arab ing jaman kuna ngarani wewengkon iki "Bilād al-Turk" utawa "Turkéstan". Leloroné mangku teges 'tanah-tanah para Turk'.

Réferènsi

Tags:

Asia TengahBasa ArabBasa PèrsiKali Amu DaryaKazakhstanKirgizstanTajikistanUzbèkistanen:Help:IPA/Arabicen:Help:IPA/Persian

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Cepu, BloraFakhri SemekotAngga Aldi YunandaKendhiMeisya SiregarDavid BeckhamTata SuryaGendèrThe Heirs30 Seconds to MarsLee Min HoJeff BezosJay IdzesVia VallenCitilinkMa'ruf AminBunglonHak ciptaRebut balung tanpa isiGeni.comÈsꦠꦺꦏꦺꦴEmha Ainun Nadjibꦭꦸꦩ꧀ꦥꦁKetoprak (panganan)PecelKoji TakakuraBani UmayahYusril Ihza MahendraJangka sorongRatu KalinyamatLion AirPananggalan JawaTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)Karangmoncol, PurbalinggaNarkobaHentaiDev PatelKarbitCakung, Jakarta WétanÉkosistemKarbonDhaptar istilah militèr Tentara Nasional IndonésiaManganBabad PakepungAndroidJalaluddin RumiMarie AntoinetteSajarah IndonésiaWilhelmina saka WalandaTugu YogyakartaSohanGunung RinjaniTunisiaAri SigitKomputerSurat At TalaqAndhaBonang barungJustin Bieber1600Ulah ragaPierre-Simon LaplaceHirohitoSurat Al QadrKembenMacapatChrisyeDrupadiTim nasional bal-balan InggrisSandi morseSunan AmpèlPiranti gamelan JawaMahfud MDyoga🡆 More