Filem The Dark Knight: Filem taun 2008

The Dark Knight  ya iku filem adiwira thriller ing taun 2008 sing disutradharai lan naskahé ditulis déning Christopher Nolan, filem iki uga diproduseri déning Christopher Nolan.

Nggebyakaké karakter DC Comics ya iku Batman, filem iki minangka pérangan kapindho saka Nolan's The Dark Knight Trilogy lan filem iki dadi sèkuèl filem taun 2005 sing judhulé Batman Begins, dibintangi sagolongan paraga kalebu Christian Bale, Michael Caine, Heath Ledger, Gary Oldman, Aaron Eckhart, Maggie Gyllenhaal lan Morgan Freeman. Ing filem iki, Bruce Wayne/Batman (Bale), James Gordon (Oldman) lan Harvey Dent (Eckhart) mbentuk Aliansi kanggo bongkar organisasi angkara ing kutha Gotham, nanging keancem déning dhalang piala sing kawentar minangka jeneng the Joker (Ledger) sing nggoleki cara ngalahaké pengaruhé Batman lan nggawé gègèr.

Produksi tembayatan Amèrikah karo Inggris, filem The Dark Knight digebyakaké ing tanggal 16 Juli taun 2008 ing Ostralia, ing tanggal 18 Juli taun 2008 ing Amèrikah lor, lan ing tanggal 24 Juli taun 2008 ing Inggris. Filem iki dianggep déning kritikus filem minangka salah sijiné filem taun 2000an lan dadi salah sijiné filem adiwira sing paling apik salawasé, filem iki intuk pamampa kritik lan lan nampa akèh cathetan nalika gebyagan. The Dark Knight muncul ing sepuluh pratélan ndhuwur pangritik (287) tinimbang filem liyané ing tain 2008 kecuali filem WALL-E, lan kritikus liyané (77) nudhuhaké yèn The Dark Knight iku filem sing paling apik ing taun 2008 tinimbang filem liyané sing digebyakaké ing taun iku. sing nampa pikolèhan punjul $1 milyar ing saindenging donya, filem iki minangka filem sing nampa pikolèhan sing gedhé dhéwé angka 26 salawasé, durung dipadhakaké karo inflasi. Filem iki nampa 8 nominasi Academy Award; filem iki menangi nominasi kanggo Best Sound Editing lan Ledger anumerta menangi nominasi Best Supporting Actor. The Dark Knight Rises,filem finalé saka trilogi iki, bakal digebyakaké ing tanggal 20 Juli taun 2012.

Rujukan

Tags:

Batman

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Elizabeth OlsenPandhuDramaUniversitas OxfordPada pangkatTembung tanggapEncyclopædia BritannicaArané pérangan awakKutha SurabayaTeleskop HubbleAntimonGinséngOmah GadangWajibImam BukhariPersija JakartaIndonésiaAlbert Einstein681ABBASNMPTNAung San Suu KyiSurat An Nisaa’ꦠꦺꦥ꧀ꦭꦺꦴꦏ꧀Cristiano RonaldoHong KongSufismeKucingJermanBatur tukon20 MaretWikipédiaPatungGaruda Wisnu KencanaWajikPuloDiego MaradonaRepublik Otonom KriméaSosis ItaliaPawadonanÉjakulasiWangsalanꦥꦭꦺꦠ꧀F-35 Lightning IIDevi PermatasariManganGaranganSamuel Rizal15 MaretBlangkonAndhaSanta LuciaTapéWayback Machineꦒꦫꦶꦱ꧀ꦮꦼꦏ꧀ꦠꦸSemana SantaMontor1619MonroviaMy Chemical RomanceSurat As Sajdah1978Maskumambangꦒꦿꦗꦶꦏꦺꦴꦤ꧀ꦱꦺꦴꦭ꧀ꦒꦶꦩ꧀Pratélaning kutha ing KanadhaPitulungÉtikaÈngklèkSlankAfrodhisiakOkeVision🡆 More