Témbok Sesambat

Témbok Sesambat (Ivri: הַכּוֹתֶל הַמַּעֲרָבִי‎ , kerep dicekak Kotel utawa Kosel) ya iku papan kang wigati lan dianggep suci déning wong Yahudi.

Témbok iki wujud sisa témbok Omah Suci ing Yerusalem kang diyasa déning Raja Salomo (Sulaiman), putra Daud. Omah Suci iku ajur nalika Israèl diserbu wadya Romawi ing taun 70 Masehi.

Témbok Sesambat
Témbok Ratapan ing wayah wengi
Témbok Sesambat
Paus Fransiskus dedonga ing Témbok Sesambat

Dawané témbok iki asliné watara 485 mèter, lan saiki sisané mung 60 mèter.

Wong Yahudi percaya yèn témbok iki ora mèlu ajur sebab ing kono manggon "Shekhinah" (kehadiran Ilahi). Dadi, dedonga ing kono padha waé karo dedonga marang Tuhan.

Témbok Sesambat
Wong Yahudi dedonga ing Témbok Kulon

Témbok iki biyèné kaloka mung minangka Témbok Kulon,nanging saiki ingaran "Témbok Ratapan" amarga ing témbok iki wong Yahudi dedonga lan sesambat, keduwung marang dosa-dosané kanthi kebak rasa gela. Saliyané ngucap donga-donga, wong Yahudi uga nyimpen dongané kang ditulis ing salembar deluwang disisipaké ing cepitan témbok iki.

Témbok iki kapérang dadi loro nganggo pager pemisah (mechitza) kanggo misahaké lanang lan wadon. Wong Yahudi Ortodoks percaya yèn ora olèh dedonga bebarengan karo wong wadon.

Tumrap umat Muslim, témbok iki uga minangka péranganing dhasar Masjidil Aksa lan Masjidil Omar (Arab: قبة الصخرة Qubbat As-Sakhrah), sarta diyakini minangka gerbang mangkaté Muhammad tumuju swarga (nalika mi'raj) kanthi nitih Buraq

Rujukan

Pranala njaba

Tags:

Basa IvriIsraèlMasehiRomawiSulaimanYahudiYerusalem

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

GemblongGong YooSoenarkoKaskusYésus KristusOstenrik2008Ari SihasalePutri PatriciaGajahLiga Super IndonésiaSepasaranMetanolAsian Football Confederation2012Babi Panggang KaroAlizéeStadion SiliwangiNaffWadya BayaranJagoPinguinNathan Tjoe-A-OnKenongBani UmayahTobey MaguireGambyong pareanomGaruda Wisnu KencanaRafael StruickPutihGambangNyadranDian SastrowardoyoPersija JakartaWader cakulAngga Aldi YunandaPramoedya Ananta ToerviètnamSandhanganOrong-orongIowaAndy LauLegawaKutha BatuSundar PichaiThe ChangcutersPratélan Mahamantri JepangSepongIris (anatomi)Ganjar PranowoRukun IslamDenzel WashingtonWikipédiaCristiano RonaldoKarim BenzemaAksara CarakanPangarep-arepCrash Landing on YouBillie EilishLindhuSahWayback MachineMa Dong-seokPokémonAri SigitWalandaPeking (gamelan)KiyamatRerengganKapuloan MalukuWest VirginiaWikisastra🡆 More