Sutoyo Siswomiharjo (28 Agustus 1922-1 Oktober 1965) iku jendral Angkatan Dharat Indonésia kang diculik lan diprejaya sajeroning pacoban kudéta déning Gerakan 30 September.
Sutoyo Siswomiharjo | |
---|---|
Pahlawan Revolusi | |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Kebumen, Jawa Tengah,Indonésia | 28 Agustus 1922
Pati | Oktober 1, 1965 Jakarta,Indonésia | (umur 43)
Agama | Islam |
Sutoyo lair ing Kebumen, Jawa Tengah, ngrampungaké sekolah nalika jaman serbuan Jepang taun 1942, lan ing sajeroning mangsa pendhudhukan Jepang, Sutoyo sinau admininstrasi papréntahan ing Jakarta.
Sawisé Proklamasi kamardikan Indonésia taun 1945, Sutoyo lumebu dadi anggota Tentara Keamanan Rakyat (TKR) sèksi Pulisi. Sèksi iki sabanjuré dadi Pulisi Militer Indonésia. Ing sasi Juie 1946, Sutoyo diangkat dadi ajudané Kolonel Gatot Subroto, komandan Pulisi Militer. Ing taun 1954 dadi Kepala Staf ing Markas Pulisi Militer lan mengku kalungguhan iki nganti rong taun sabanjuré dadi Asisten Atase Pertahanan ing London. Sawisé Sekolah Staf lan Komando ing Bandung taun 1959-1960, Sutoyo diangkat dadi pejabat Oditur Milter Angkatan Dharat, lan saka pengalamané ing babagan hukum iku ing taun 1961 Sutoyo diangkat dadi Oditur Militer/Kepala Jeksa Militer
Ing wayah subuh tanggal 1 Oktober 1965, anggota Gerakan 30 September kang dibawahi Sersan Mayor Surono lumebu omahé Sutoyo ing Jalan Sumenep, Menteng, Jakarta Pusat liwat garasi ing sisih omah. Wong-wong mau meksa njaluk kunci, lumebu omah lan kandha yèn Sutoyo ditimbali déning Présidhèn Sukarno. Sutoyo banjur digawa menyang markas obahan ing Lubang Buaya. Ing panggonan iki Sutoyo diprejaya lan jasadé dibuwang menyang sumur tuwa. Jasadé kasil diketemokaké tanggal 4 Oktober lan sabanjuré disarèkaké kanthi pakurmatan ing Taman Makam Pahlawan Kalibata, diunggahaké pangkat dadi Mayor Jendral lan dianugerahi gelar Pahlawan Revolusi.
Artikel biografi Indonésia iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Sutoyo Siswomiharjo, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.