Palandhungan/Plandhungan (Basa Jawa Krama) utawa Konthol (Basa Jawa Ngoko), Skrotum (Basa Inggris) : yaiku kanthong (dumadi saka kulit lan otot) ingkang mbungkus pringsilan/testis utawa njerone palandhungan sing kaya endhog sing jumlahe loro.
Palandhungan dumunung antarané palanangan lan silit/anus sarta ing angarepé perineum. Ing organ wanita, pérangan iki sarupa karo labia mayora.
Ing palandhungan manungsa lan sawatara mamalia bisa dumunung rambut pubis/jembut. Rambut pubis wiwit tuwuh nalika mangsa diwasa/baligh/pubertas.
Kagunaane palandhungan yaiku njaga suhu pringsilan supaya tetep normal yaiku sangisoré suhu awak. Sajeroning manungsa, suhu pringsilan watara 34 °C. Pangaturan suhu diayahi kanthi ngengengaké utawa ngendhokaké palandhungan, saéngga pringsilan bisa obah nyedhaki utawa ngadohi awak. Pringsilan bakal diangkat nyedhaki awak ing suhu adhem lan ngadohi awak ing suhu panas.
Sawetara masalah kaséhatan ing palandhungan kang perlu diwigatèkaké:
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Skrotum, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.