Sikas

Lihat pérangan spésies

Pakis haji atau sikas (Cycas)
Sikas
Daun dan runjung lanang Cycas revoluta
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Cycadophyta
Klas: Cycadopsida
Ordho: Cycadales
Famili: Cycadaceae
Persoon
Génus: Cycas
L.
Species

Sikas utawa Pakis haji iku saklompok tetuwuhan wiji kabukak sing kagabung sajeroning marga pakis haji utawa Cycas lan uga minangka siji-sijiné génus sajroning suku pakishaji-pakishajian (Cycadaceae). Masarakat awam ing Indonesia mangerténi pakis haji saka sawatara spésies sing biyasa ditandur ing taman-taman kaya palem, ya iku C. rumphii, C. javana, sarta C. revoluta (sikas jepang).

Sikas duwé habitus mèmpaer palem, nanging sejatiné adoh banget kakerabatané. Kamiripan iki asal saka susunan anak godhongé sing kasusun pasang-pasangan. Kabèh sikas duwé omah loro (dioecious) saéngga ana tetuwuhan lanang lan wadon. Serbuk sari diasilaké déning tetuwuhan lanang saka runjung gedhé siyang tuwuh saka pucuking wit. Piranti wadon mèmpaer godhong kanthi wiji-wiji tuwuh saka sisih. Piranti wadon tuwuh saka sela-sela ketiak godhong.

Barkas:Cycas circinalis female.jpg
Tuwuhan wadon Cycas circinalis.
Barkas:C circinalis male.jpg
Tuwuhan lanang Cycas circinalis.

Oyot sawatara jinis sikas bisa diinfeksi déning sajinis Cyanobacteria, Anabaena cycadeae, sing duwé sipat (simbiosis mutualistis). Oyot sing kainfeksi bakal mbentuk bintil-bintil sing isi jinis renik mau.

Sawetara sikas sing gedhé bisa dipangan pérangan teras wité, amarga ngandhut pathi sajeroning gunggung sing lumayan akèh.

Pranala njaba

Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

BalkanTripoliPageblug Covid-19 ing Koréa KidulTogoWektu Indonésia pérangan TengahMontorYoghurtꦫꦺꦏ꧀ꦒꦱ꧀AntimonReykjavíkꦄꦮꦤ꧀SCTVÉnérgi kaanyarakéꦆꦏꦿꦏ꧀ArachnidaRanggawarsitaꦠꦺꦥ꧀ꦭꦺꦴꦏ꧀Ali-aliBonangUgandaHemoglobinJames K. PolkKhadijah binti KhuwailidIndonésiaCharlie ChaplinBudayaꦗꦸꦩꦸꦮꦃSurat Al LahabGoogleMuhammad Arsyad al-BanjariParikanDominique HouraniKim Soo-HyunKilling Me InsideYahudiTembagaHagia SophiaElizabeth OlsenWajikTim nasional bal-balan UruguayDavid CameronBasa krama1927Wayang kulit20 MaretSunan Gunung JatiWilliam AndersDrijiThe Walt Disney CompanyQuebecRèk gasOperaMahfud MDGlepungKendhangBasa JawaTatune arang kranjangKelinciSumawanaPutihWali BandMbabaneWengiTapéꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃꦧꦱꦗꦮKendel ngringkel, dhadhag ora godhagPiala Donya FIFA 2022Gisella AnastasiaIwak pitikAgus MustofaNATOKabiskopan Agung KölnIan KaselaShayne PattynamaGunung IjenWangsa Syailéndra🡆 More