Sami Hyypiä: Juru latih lan tilas juru bal-balan Finlan

Sami Hyypiä utawa jeneng jangkepé Sami Tuomas Hyypiä yaiku salah sawijining pamain bal-balan aguna saka nagara Finlan.

Dhèwèké lair surya ping 7 Oktober 1973 ing kutha Porvoo, Finlan wis naté main kanggo klub MyPa, Willem II, Liverpool FC, lan Bayer Leverkusen kang kulina main ing posisi bèg, nanging saiki wis gantung sepatu dadi pamain bal wiwit 1 Juli 2011. Sami duwé dedeg 195 cm sarta migunakaké sikil tengen kanggo sikil karosané nalika isih dadi pamain, siji kaprigelané manèh yaiku baud ngegolké mawa bal sundhulan menyang gawang mungsuh.

Sami Hyypiä
Sami Hyypiä: Profil, Bakat lan Juru Kaméra, Karir Juru Latih
Sami Hyypiä ing latihan tim ngadhepi Metalist Kharkiv
Katerangan priangga
Jeneng dawa Sami Tuomas Hyypiä
Tanggal lair (1973-10-07) 7 Oktober 1973 (umur 50)
Papan lair Porvoo, Sami Hyypiä: Profil, Bakat lan Juru Kaméra, Karir Juru Latih Finlandia
Dhuwur 1.93 m (6 ft 4 in)
Posisi main Bèg
Katerangan klub
Tim saiki
Pénsiun
Karir nom
1977–1988 Kumu
Karir sénior*
Taun Tim Main (Gul)
1989 PaPe 3 (0)
1990–1991 Kumu 19 (0)
1992–1995 MyPa 96 (8)
1995–1999 Willem II 100 (3)
1999–2009 Liverpool 464 (35)
2009–2011 Bayer Leverkusen 53 (3)
Gunggung 589 (36)
Tim nasional
1989–1992 Finland U21 27 (3)
1992–2010 Finland 105 (5)
Tim dikemunah
2011–2012 Finland (asistèn)
2012–2014 Bayer Leverkusen
2014 Brighton & Hove Albion
2015–2016 FC Zürich
2020- FC Haka (asistèn)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi.


Profil

Sami Hyypia dadi sawijining bèg tengah paling becik kang naté menganggo seragam abang Liverpool. Tower Finlan kasebut tansah ngetokaké panampilan kang ajeg nalika dilatih déning Gerard Houllier lan Rafael Benitez mapanaké dhèwèké ing barisan bèg paling becik ing dharatan Éropa. Mèh sepuluh mangsa niti karir ing tanah Ratu Elizabeth dadèkaké dhèwèké pamain bal-balan paling suksès ing Finlan, buktiné yaiku kasil diganjar pamain bal-balan terpuji taun 1999, 2001, 2002, 2003, 2005, 2006, lan 2008. Angèl yèn ngélingi regané mung 2,5 yuta Poundsterling nalika tinuku saka Willem II Mèi 1999 kepungkur.

Jaman kuncarané yaiku nalika ing Liverpool bareng Steven Gerrard, Djibril Cisse, lan Jamie Carragher ngrengkuh sawenèh gelar-gelar kang aji kanggo klub pinggir kali Mersey kasebut, malah dhèwèké naté dadi kaptèn tim kang tundhoné dilih marang Gerrard kang dadi pamain lokal sénior. sawisé kontraké entèk ing Liverpool Sami alihan menyang klub Bundesliga Jerman, Bayer Leverkusen. Déné bareng tim nasional Finlan, dhèwèké wis tampil kaping 105 lan nyithak 5 gol kawit dhebuté ing timnas taun 1999 tekan mutusaké pénsiun saka jagat bal-balan 2011 kepungkur.

Bakat lan Juru Kaméra

Sawisé diwiwitiné Liga Primèr Inggris, Liverpool gagal nggayuh musim menangi gelar sing bakal ngasilake dhèwèke dadi mantan juwara Dhivisi Uama kang lawas. Liverpool mbutuhake bèg tengah kang teguh kang bakal nyegah panyerang mungsuh nyithak gol lan sawijining juru kaméra naté wènèh pamrayoga marang klub yèn ana siji pamain buri kang mumpuni. Kepala èksekutif Peter Robinson ana ing kantor nalika, juru kaméra sing durung naté ditemoni teka ing kantor lan nuduhaké dhèwèké pamain pertahanan Finlan kang gawe gumun ing dhivisi paling dhuwur bal-balan Walanda. Wiwitané Robinson ora yakin kalawan apa kang bisa ditindakaké Hyypia ing klub kasebut amarga dhuwuring pangarep-arep bisa nyebabake gagal, manèh yen dheweke ciri pamain kang alon banget kanggo Liga Primèr Inggris. Tundhoné Hyypia jumedhul ing Merseyside kanthi transfer 2,6 yuta ing taun 1999 kang tembé buri dadi salah sawijining tawaran paling gedhe taun semono. Dhèwèké bakal dhebut ing tanggal 7 Agustus 1999 kanthi kasoran 2-1 saka Sheffield Wednesday ing Liga Primèr Inggris. Hyypia dilembana amarga prestasiné bareng karo Jamie Carragher kang isih enom, dadi mula bukané lelakoné ing Liverpool.

Karir Juru Latih

Ing wulan April 2012 Sami didhapuk minangka juru latih sauntara Bayer Leverkusen bareng asistèné Sascha Lewandowski, sawisé juru latih sadurungé yaiku Robin Dutt dipecat. Sami ngampingi Bayer Leverkusen kang sepisan nalika lumawan Hamburger SV, asile imbang kanthi angka 1-1. Banjur 15 Mèi 2012 Sami lan Lewandowski dipermanènkaké minangka juru latih ajeg nganti taun 2015.

Bebungah

Sami Hyypiä dudu pamain bal-balan sebaèné, senajan mapan ana posisi bèg nanging dhèwèké tansah mènèhi 100% tenagané yèn tandhing, apa manèh manawa tetandhingan kasebut kalebu wigati utawa nemtokaké. Sepuluh taun ing kutha Liverpool marakaké dhèwèké wis dadi legendha klub, mokal amarga wis menangi gelar-gelar gedhe.

Millykosken Pallo

Liverpool FC

Rujukan

Tags:

Sami Hyypiä ProfilSami Hyypiä Bakat lan Juru KaméraSami Hyypiä Karir Juru LatihSami Hyypiä BebungahSami Hyypiä RujukanSami Hyypiä19732011BalBal-balanBègCmFinlanJuliKuthaLiverpool F.C.OktoberSepatuSikilWillem III

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Bipasha BasuSurat Al BaqarahWajikArtikelÉkosistemWunguꦖꦼꦩ꧀ꦥꦭSlenthoUnicodeBlangkonJefri NicholSamuel Rizal20 SèptèmberMaricaSerat WédhatamaOlahan LibyaScarlett JohanssonToby AlderweireldSocaHeather StormTembung sarojaTitilarasKulchaAmbal warsaNanotèknologiIndhonésiaꦢꦼꦩꦸꦁMohammad Husni ThamrinIndonesia SuburNaruto (manga)Walikuthaꦏꦼꦥꦾꦏ꧀LesmanaDominique HouraniSaron panerusGuatémalaKabupatèn Deli SerdangChelsea OliviaSurat Al FathIndosiarGunung LawuGoogle Chromeꦒꦿꦺꦴꦧꦺꦴꦒꦤ꧀ (ꦒꦩꦼꦭꦤ꧀)KempyangMesir KunaYérusalemTresnaYouTubeSaronBedhugAkhdiyat Duta Modjo (Sheila On 7)Hasyim Asy'arieKaraton Ngayogyakarta AdiningratTembung panyeruTan MalakaJun Ji HyunLombok abangCumbanaMarco MaterazziWali BandBrokohanPumoriUp (filem)SekakTumpengPasinaonan Unggah-Ungguh BasaGongSepasaranIndonésia🡆 More