Sadiq Khan

Sadiq Aman Khan (lair 8 Oktober 1970) ya iku pulitikus Britania sing dadi Wali Kutha London kawit Mèi 2016.

Dhèwèké Anggota Parlemèn (cara Inggris: Member of Parliament, dicekak MP) tumrap wewengkon Tooting saka taun 2005 tekan taun 2016. Minangka anggota Parté Buruh, dhèwèké nganut idhéologi dhémokrat sosial.

The Right Honourable
Sadiq Khan
Sadiq Khan
Wali Kutha London
Wiwit linggih
8 Mèi 2016
WakilJoanne McCartney
Kang sadurungéBoris Johnson
Carik Wayangan Nagara babagan Bebener
Tuwan Kanselir Wayangan
Linggih
8 Oktober 2010 – 11 Mèi 2015
PangarepEd Miliband
Kang sadurungéJack Straw
Kang sawiséCharles Falconer
Carik Wayangan Nagara babagan Tetumpakan
Linggih
14 Mèi 2010 – 8 Oktober 2010
PangarepHarriet Harman
Ed Miliband
Kang sadurungéAndrew Adonis
Kang sawiséMaria Eagle
Mantri Nagara babagan Tetumpakan
Linggih
8 Juni 2009 – 11 Mèi 2010
MahamantriGordon Brown
Kang sadurungéAndrew Adonis
Kang sawiséTheresa Villiers
Mantri Nagara babagan Kawula
Linggih
4 Oktober 2008 – 8 Juni 2009
MahamantriGordon Brown
Kang sadurungéParmjit Dhanda
Kang sawiséShahid Malik
Anggota Parlemèn
tumrap Tooting
Linggih
5 Mèi 2005 – 9 Mèi 2016
Kang sadurungéTom Cox
Mayoritas2.842 (5,3%)
Rerincèn dhiri
LairSadiq Aman Khan
(1970-10-08) 8 Oktober 1970 (umur 53)
Tooting, London, Karajan Manunggal
Parté pulitikBuruh
SisihanSaadiya Ahmed (1994–saiki)
Anak2
AlmamaterUniversitas London Lor
Universitas Ukum
AgamaIslam
Sana jaringanOfficial website

Lair ing London ing kukuban kulawarga Pakistan-Britania saka golongan narakarya, Khan iku lulusaning jurusan Ukum ing Universitas London Lor. Dhèwèké nuli makarya dadi solisitor mirunggan babagan hak manungsa, lan dadi mantrining Liberty salawas telung taun. Anut Parté Buruh, Khan minangka Anggota Déwan tumrap Wandsworth (pamukiman ing London) saka taun 1994 tekan taun 2006 sadurungé kadhapuk MP kanggo wewengkon Tooting taun 2005. Sangisoring pamaréntahan Parté Buruh kanthi Wasir Gordon Brown, dhèwèké lungguh Mantri Nagara babagan Kawula kala taun 2008, nuli dadi Mantri Nagara babagan Tetumpakan. Awit minangka sekuthu pokok saka lelurah Parté Buruh Ed Miliband, dhèwèké leladi sajeroning Kabinèt Wayangan Ed Miliband dadi Carik Wayangan Nagara babagan Bebener, Tuwan Kanselir Wayangan, lan Mantri Wayangan London.

Khan kapilih Wali Kutha London ing pilihan wali kutha 2016, nggantèni Wali Kutha saka Parté Konservatif, Boris Johnson. Kapilihé dadi Wali Kutha London njalari dhèwèké minangka Muslim kapisan sing dadi wali kutha kanggo kutha krajan gedhé ing wewengkon Kulonan.

Glosari

Cara Jawa Cara Indonésia Cara Inggris
ngoko krama
pulitikus pulitikus politician
wali kutha wali kitha walikota mayor
wewengkon tlatah territory
Parté Buruh Partai Buruh Labor Party
kukuban lingkungan surrounding
golongan narakarya kelas pekerja working class

Rujukan

Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Iwan FalsPinguinMaskumambangCarita Aji SakaZayed KhanNaffBromMangsa katigaPallywoodMikro-organisme13 AgustusRuwahanSurat An Nisaa’Dua Garis BiruVidéoVenusRama TambakYurike PrastikaSinomOstraliSunan GiriSurat Al JinFilipinaSpanyolAura KasihBonang barungPaculKabupatèn SumedangWiki FoundationÉjaan Basa JawaTaman Mini Indonésia IndahSundar PichaiInul DaratistaTom HollandHappy AsmaraUzbèkistanAnies BaswedanNovèlMacapatSimon PetrusAri SihasaleWukuGambangAsem asetatTembung wodOlah-olahan InggrisYusril Ihza MahendraYin lan YangSurat Al An’amBasa kramaTata SuryaYouTubeRawonTembung ancer-ancerWektuUntaBlogKhulafaur RasyidinWunguKenongUlate bening leriPurwakanthiOstenrikKendhang gendhingPuputanviètnamSiriusBekakakWayback MachineBabi Panggang KaroAksara JawaMbobotSurat Al MuzzammilKartiniPandhawaMaulana Malik Ibrahim🡆 More