tabel

Perangkat lunak MediaWiki kang dipigunakaké déning Wikipedia nyediakaké fasilitas kanggo gawé tabel kanthi rong cara: sintaks HTML utawa sintaks tabel-wiki.

Kaca iki bakal njelasaké sintaks wiki kanggo gawé tabel minangka cara kang luwih diprayogakaké.

Sintaks tabel-wiki

Ing ngisor iki ringkesan panggunaan prasaja/dasar sintaks wiki kanggo gawé tabel:

  1. Tabel diwiwiti nganggo {| lan dipungkasi nganggo |}.
  2. Irah-irahan tabel ditandani nganggo siji larikan anyar kang awangun |+ irah-irahan tabel.
  3. Larikan anyar ditandani nganggo larikan anyar kang diwiwiti |-.
  4. Irah-irahan kolom ditandani nganggo larikan anyar kang awangun ! irah-irahan kolom.
  5. Kolom data ditandani nganggo larikan anyar kang awangun | isi kolom.

Saben jenis èlemèn ing dhuwur kudu ana ing larikan dhéwé-dhéwé. Kanggo nyederhanakaké, kolom data lan irah-irahan kolom bisa digabung dadi sak baris kanthi mènèhi markah !! utawa ||.

Parameter tabel kang bisa dipigunakaké ing tabel-wiki padha karo HTML ([1]) lan diwênêhkè sawisé markah kang sesuai.

  • Parameter kanggo tabel sacara sakabèhané, diwènèhké sawisé {|.
    Contoh: {| cellpadding="2" width="100%".
  • Parameter kanggo larikan, diwènèhké sawisé |-.
    Conto: |- valign="top".
  • Parameter kanggo irah-irahan kolom utawa kolom data diwènèhké sawisé ! utawa | lan diwatesi karo isi kolom nganggo |.
    Conto: | align="center" | Isi data.

Conto

Tabel prasaja

{| |+ Daftar presiden Indonesia |- ! No ! Jeneng ! Wiwit ! Nganti |- | 1 | Soekarno | 1945 | 1967 |- | 2 | Soeharto | 1967 | 1998 |} 

Bakal ngasilaké tampilan:

Daftar presiden Indonesia
No Jeneng Wiwit Nganti
1 Soekarno 1945 1967
2 Soeharto 1967 1998

Panggabungan kolom

{| |+ Daftar presiden Indonesia |- ! No !! Jeneng !! Wiwit !! Nganti |- | 1 || Soekarno || 1945 || 1967 |- | 2 || Soeharto || 1967 || 1998 |} 

Bakal ngasilaké tampilan kang padha karo conto sadurungé.

Parameter

{| cellpadding="2" cellspacing="1" |- bgcolor="lightgrey" ! align="center" | No !! bgcolor="#ff0" | Nama !! Dari !! Sampai |- | align="right" | 1 || Soekarno || 1945 || 1967 |- | align="right" | 2 || Soeharto || 1967 || style="color: red;" | 1998 |} 

Bakal ngasilaké tabel:

No Nama Dari Sampai
1 Soekarno 1945 1967
2 Soeharto 1967 1998

Prettytable

Class prettytable kuwi sawijining tableclass kang didefinisèkaké ing Wiki Basa Jawa. Yèn nganggo class iki, tabel bakal ditambahké garis horisontal lan vertikal sarta werna latar mburi abu-abu.

Standar Kasil Nganggo Prettytable Kasil
{| |- !No. !Katrangan |- ||1.||Siji |- ||2.||Loro |- ||3.||Telu |- ||4.||Papat |- ||5.||Lima |- ||6.||Enem |} 
No. Katrangan
1. Siji
2. Loro
3. Telu
4. Papat
5. Lima
6. Enem
{| class=prettytable |- !No. !Katrangan |- ||1.||Siji |- ||2.||Loro |- ||3.||Telu |- ||4.||Papat |- ||5.||Lima |- ||6.||Enem |} 
No. Katrangan
1. Siji
2. Loro
3. Telu
4. Papat
5. Lima
6. Enem

Kanggo class "tabelayu" minangka pangembangan saka "prettytable", pirsani Pitulung:Tabelayu. Class "tabelayu" sacara otomatis nambahaké warna selang-seling saben ganti larikan.

Delengen uga

Pranala njaba

Tags:

tabel Sintaks -wikitabel Contotabel Prettytabletabel Delengen ugatabel Pranala njabatabelHTMLWikipedia

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

SekatènErling HaalandUntaRangkaian MelatiWajikJulius CaesarKerisPlanit cilikWangsalanDaftar Mentri Pertahanan Républik IndonésiaTaman Mini Indonésia IndahTia IvankaPSV EindhovenSengkalanBasa MaltaHamka HamzahPucungTemulawakKazakhstanPatih SuwandaUlil Abshar AbdallaMario MaurerKandangan TVTom HollandAnak Jalanan (sinetron)Nawawi al-BantaniBasa SangsekertaAngkatan DharatJurudemungMikro-organismeCangkrimanDenzel WashingtonISO 4217TaunBasa ngokoTantowi YahyaMia KhalifaRuwatanMerkuriusJay IdzesKembang sepatuKarnaRawonKebo bulé mati sétraKabupatèn BatanghariMangsa pancarobaXXX (filem 2002)OECDKamatWayang golèkSoekarnoAmien RaisMakauGandane arum jambanKodhok godhogFedi NurilLionel MessiVeve ZulfikarEgy Maulana VikriMedia CirebonBiskopKutha SurabayaviètnamPurwakanthiTiara AndiniReza Artamevia22 MèiGathotkacaStadion Gelora Bung KarnoEmil DardakPinguinPasirwangi, GarutSurat An Nisaa’GajahAllahNagita Slavina🡆 More