Pengeboman Metro Sankt Peterburg 2017

Ing tanggal 3 April 2017, sawijiné serangan disusul ledhakan bom kadadéan ing metro Sankt Peterburg antarané Stasiun Sennaya Ploshchad lan Tekhnologichesky Institut.

Sangang wong dilaporaké séda, lan sabanjuré wong loro liyané nyusul séda. Kira-kira wong seket ngalami ketaton ing kedadeyan iku. Piranti sing kanggo mbledhosaké disimpen ing sawijiné tas. Bom kapindho tinemu ing sadhuwuré sepur liyané, ing stasiun. Sore sabanjuré, stasiun bisa ngladeni telung jalur, ya iku jalur katelu, kapat, lan kalima.

Serangan metro Sankt Peterburg 2017
Pengeboman Metro Sankt Peterburg 2017
Ing ngisor trowongan antarané Stasiun metro Saint Petersburg Tekhnologichesky Institut - Sennaya Ploshchad kang dadiné papan kadadéan mbledhosé bom
Pengeboman Metro Sankt Peterburg 2017
Location of the two stations and the tunnel where the explosion occurred
PernahIng antarané sepur Saint Petersburg Metro Sennaya Ploshchad lan Tekhnologichesky Institut stations, Saint Petersburg, Russia
Koordhinat59°54′59″N 30°19′07″E / 59.91639°N 30.31861°E / 59.91639; 30.31861`
Tanggal03 April 2017 (2017-04-03)
13:30 (EEST (UTC +3))
InceranBebrayan
GamansShrapnel bombs
Pepati14 (+ 1 pembom)
Tatu tan fatal
51
Sing nindakakéAkbarzhon Jalilov

Riwayat

Tanggal 3 April 2017, sawijiné bom mbledhos ing sadhuwuré sepur sing lagi lumaku ngliwati sawijiné trowongan antarané rong stasiun ing metro Sankt Peterburg: Sennaya Ploshchad lan Tekhnologichesky Institut. Awit saka kadadéan kuwi, dilaporaké yèn kabèh stasiun metro ing Sankt Peterburg énggal-énggal ditutup.

Bom kapindho tinemu ing stasiun Ploshchad Vosstaniya; sing sabanjuré kasil didhem. Piranti sing kanggo ngledhakaké nggunakke fragmen senjata api. Salah sijiné wong kang nyujayani, bokmanawa katon liwat kodhak pangindhik ing Metro, miturut sawijiné sumber sing durung gelem mènèhi katrangan lanjut.

Komité Investigasi mratelakaké yèn masinis kereta sengaja ora ngendheké sepur nalika ledhakan bisa njalari tekané kurban luwih akèh.

Dilaporake déning Mantri Pertahanan Russia, ana kira-kira seket wong ngalami ketaton abot, lan pat belas ing antarané séda, kalebu sing tumindak ngebom. Telung puluh sanga wong diplayokaké ing rumah sakit, kalebu enem wong sing tatune paling abot.

Déning intelijen Kyrgyzstan lan Ruslan, ana pawongan sing disujanani minangka Akbarzhon Jalilov, warga saka nagara Ruslan umuré 22 taun, kelairan Kyrgyz. Akbarzhon lair taun 1995 ing Osh, Kyrgyzstan, lan teka ing Moskow kira-kira taun 2011. Miturut ariwarta Ruslan Moskovskij Komsomolets, gazeta.ru nglaporké yèn dhèwèké nyambut gawé minangka juru masak ing salah sijiné bar sushi taun 2015. Sawetara iku, sumber liyané mratelakke yèn Jalilov mau nyambut gawé ing garasi sadurungé ngilang, seminggu sadurungé kedadeyan iku. Jalilov sing dadi pandhereké agama Islam, wis dikandhakaké déning kenalané, lan duwé pandelengan babagan tartamtu.

Reaksi

Presidhen Russia, Vladimir Putin lagi ing kuthané nalika kadadéan serangan iku, dhèwèké ngicim kedadeyan kuwi. Salawasé patemon karo Presidhen Bélarusia, Alexander Lukashenko, Putin mratelakaké yèn wong kuwi "nimbang-nimbang kabèh mulabukane, kalebu terorisme". Pratelan kuwi dimeloni déning Lukashenko kang uga prihatin awit saka panjeblugé bom kuwi.

Wali Kutha Moskwa Sergey Sobyanin mratelakaké kaprihatinané awit anané kurban ing serangan kuwi, lan mrentahke para pegawe keamanan supaya jaga-jaga ing sakabehing jalur sepur ing kutha kuwi. Ngono mau kajupuk saka pratelané wali kutha lan juru wicara pamarintah, Gulnara Penkova.

Pratelan kaprihatinan uga teka saka para tokoh internasional antarané Presidhen Amérikah Sarékat, Donald Trump, Nayakotama Russia, Dmitry Medvedev, anggota dewan saka Dhénemarken, Iran, Polen, Georgia, Karajan Inggris, NATO, lan Dewan Uni Eropa.

Pimpinan Chechen Republic Ramzan Kadyrov ngandhakaké, ledhakan sepur ngisor lemah iku mau "sawijiné aksi monster terorisme" lan njaluk supaya golèk sisik melik sing tumindak, lan ngukum.

Ing sisih liyané, ISIL ngincim yèn kelompoké arep nyerang tumrap Ruslan. Para pandherek ISIL kepara malah nganakaké prayaan tragedi iki kanthi nyebar gambar-gambar mayat kang mati awit saka ledhakan.

Uga delengen

  • List of terrorist incidents involving railway systems
  • List of terrorist incidents in 2017

Rujukan

Tags:

Pengeboman Metro Sankt Peterburg 2017 RiwayatPengeboman Metro Sankt Peterburg 2017 ReaksiPengeboman Metro Sankt Peterburg 2017 Uga delengenPengeboman Metro Sankt Peterburg 2017 RujukanPengeboman Metro Sankt Peterburg 2017

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Egy Maulana VikriTom Holland2020-anKabinèt Gotong RoyongKebo bulé mati sétraVoliMaulana Malik IbrahimIndonPamenging gendul plastikKandangan TVSisingamangaraja XII28 OktoberCublak-cublak suwengPSV EindhovenSahTokugawa IeyasuAgus MustofaWhitney HoustonPétrukSrengéngéSaturnusMedia CirebonNeptuBinahongWayangIowaSurat Ali ImranTasFriendsterMamaliaPratélan Mahamantri JepangNyadranKamentrian Kaséhatan Republik IndonésiaTombiliMa Dong-seokMikro-organismeBlogJinising paragrafThiwulMasjid NabawiSurat Al QadrTobey MaguireRayapBika ambonStadion Jassim Bin HamadSepi ing Pamrih Ramé ing GawéXabi AlonsoPiknik wudaRangkaian MelatiLiga Super IndonésiaNapoléon BonaparteMalaysiaArjunaCut Nyak MeutiaPersija JakartaDelimaWayang kulitLesung13 AgustusPaculISBNWindows 952006Basa JawaBromJagoDaftar Mentri Pertahanan Républik IndonésiaMario MaurerMangkunagara ITebu5 FèbruariSlipi, Palmérah, Jakarta KulonBiskopUBlock Origin🡆 More