Percy Mahendra 'Mahinda' Rajapaksa (uga bisa dieja Rajapakse, lair ing Weerakatiya, Hambantota, Sri Lanka, 18 Novèmber 1945; umur 78 taun) ya iku Présidhèn Républik Dhémokratik Sosialis Sri Lanka lan sawijining Pulitikus Sri Lanka.
Rajapaksa mimpin nagarané dadi Mahamantri nalika tanggal 6 April 2004 nganti tekan 21 November 2005. Dhèwèké nikah karo Shiranthi Rajapaksa lan duwé anak telu, ya iku Namal, Yoshitha, lan Rohitha. Rajapaksa makarya ana ing sawijining pabukon sadurungé dhèwèké sinau babagan ukum. Perkara iki tetep dilakone dhèwèké sanajan dhèwèké kapilih dadi anggota parlemèn kanggo Parte Kemerdekaan Sri Lanka (SLFP: Sri Lanka Freedom Party) kanggo wewengkon pamilihan Beliatta ing Distrik Hambantota. Bapaké uga tau makili laladan pamilihan kang padha ana ing kalamangsa 1947-1960. Nalika taun 1974, dhèwèké éntuk gelar ukum saka Colombo Law College lan dadi pengacara hak asasi kamanungsan. Rajapaksa lair saka sawijining kulawarga saka suku Sinhala kang nganut agama Buda ing Weeraketiya, dhistrik sisih wétan Hambantota. Bapaké duwé jeneng Don Alwin Rajapakse ya iku politisi kang misuwur lan ahli anggoné sesorah kemerdekaan. Rajapaksa sekolah ana ing Richmond College, Galle, Nalanda College lan Thurstan College ing Colombo.
Mahinda Rajapaksa | |
---|---|
Présidhèn Sri Lanka 6 | |
Linggih 6 April 2004 – 19 November 2005 | |
Kang sadurungé | Chandrika Kumaratunga |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Weerakatiya, Hambantota, Sri Lanka | Novèmber 18, 1945
Parté pulitik | United People's Freedom Alliance, Parté Kebebasan Sri Lanka |
Sisihan | Shiranthi Rajapaksa |
Agama | Buda |
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Mahinda Rajapaksa, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.