Lambang Polandia

Lambang Polen iku wujudé wujud garudha putih ing tamèng alatar abang.

Garudha iki nganggo makutha lan nduwé cakar sarta cucuk warna emas. Ing Polen, lambang nagara lumrahé diarani Garudha Putih (Orzeł Biały), lan ditulis mawa huruf gedhé.

Lambang Polandia
Lambang Polandia
Gendèra Polen karo lambang nagara

Legèndha

Sang Garudha Putih miturut carita asalé nalika sang pangadeg Nagara Polen, Lech weruh susuh garudha putih. Nalika dhèwèké ndeleng manuk iki, ana sunaring srengéngé ing swiwiné, dadi rupané kaya-kaya pucuk-pucuké ana emasé, kamangka pérangan liyané wernané putih.

Pepirang sajarawan nganggep yèn asalé lambing iki saka lambing Kakaisaran Romawi utawa Kakaisaran Romawi Suci. Lambang Kakaisaran Romawi Suci lumrahé garudha warna ireng, nanging ana kutha-kutha sing nduwé lambang garudha putih kaya ta Frankfurt am Main lan Schweinfurt.

Sajarah

Garudha putih mula-mulané ana ing koin-koin dhuwit sing digawé nalika masa jumenengé ratu Boleslaus, lan wiwitané karepé lambang wangsa Piast.

Przemysł II sing kapisan nepungaké Garudha Putih mawa simbul nasional Polen.

Vèrsi paling anyar lambang iki wiwit ditrapaké ing taun 1927 mawa amandhemèn ing undhang-undhang dhasar Polen. Ing taun 1945, rejim kuminis sing anyar ngilangi makutha saka endhasé garudha lan ngganti kembang-kembangan (bokmanawa ora sengaja) sing mèmper lintang ing pucuké swiwi karo lintang tenanan. Makutha iki dianggep simbul karatonan. Nalika rejim kuminis lèngsèr ing taun 1990, vèrsi lambang sing saiki dienggo. Lambang vèrsi iki mèmper karo vèrsi taun 1927, mung rupané luwih modhèren waé.

Kaum militèr Polen

Lambang-lambang jaman mbiyèn

Tags:

Lambang Polandia LegèndhaLambang Polandia SajarahLambang Polandia Kaum militèr PolenLambang Polandia Lambang-lambang jaman mbiyènLambang PolandiaPolen

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

ꦱꦸꦛꦶꦭ꧀GethukAgama YahudiPulitikBélarusAksara PégonHak ciptaSufismeCrash Landing on YouDakronWahid HasyimTembung krama inggilSurat Adh DhuhaHappy AsmaraWingko babatCublak-cublak suwengGunung RaungSesorahPétrukChicago, IllinoisKutha SurakartaGendèrSega liwetWiki CommonsPadmasoesastraAline AditaRobérto CarlosBiruGanjar PranowoBenazir BhuttoBègKaskusDurmaWajikBarakudaMangkokAK-47KethoprakSurat An NamlCumbana silitBaworTembung YogyaswaraKatakanaJamur merangStadion SiliwangiIndhustri otomotifPanganan legiSunan AmpèlFilsafatPSV EindhovenUBlock OriginWesiTransistorHabib Muhammad Luthfi bin YahyaNathan Tjoe-A-OnMenitNarkobaLion AirLintangJeff Bezos1600Wétan TengahSutomoWayangSohanTupigBika ambonOtto IskandardinataUkara gothangGongKoji TakakuraSurpanakaSelena GomezNafa Urbach🡆 More