Kho Ping Hoo

Asmaraman Sukowati Kho Ping Hoo (ugi dipun éja Kho Ping Ho) punika satunggiling penulis cariyos silat (carita silat) ingkang populer sanget ing Indonésia.

Peranakan Tionghoa punika lair ing Sragen, tanggal 17 Agustus 1926. Piyambakipun séda tanggal 22 Juli 1994 amargi serangan jantung.

Salami 30 taun piyambakipun sampun nyerat paling boten 120 karya. Bilih saben jilid dipunwaos 25 jalmi, kinten-kinten saben edisinipun dipunwaos déning 1,6 yuta jalmi. Sanajan nyerat cariyos-cariyos silat Tionghoa, piyambakipun boten saged maos lan nyerat ing basa Mandarin. Kho Ping Hoo kathah pikantuk inspirasi saking filem-filem silat Hong Kong lan Taiwan. Kontribusinipun kanggé sastra Indonésia khususipun Melayu Tionghoa boten saged dipunlalèkaken.

Amargi boten saged basa Mandarin, kathah fakta historis lan géografis Tiongkok wonten salebeting cariyos boten rujuk kaliyan kanyatan ingkang saleresipun. Nanging bab punika boten dados alangan kanggé para sutrisna ingkang maos novèl Kho Ping Hoo, ingkang sabagéan ageng inggih dèrèng naté tindak dhateng dharatan Tiongkok ugi..

Sanèsipun karya-karya ingkang kasebat ing ngandhap punika, taksih kathah karya-karya Asmaraman S. Kho Ping Hoo ingkang wujud karangan-karangan lepas (satunggal judhul/kisah tamat), ingkang gadhah latar wingking Tionghoa utawi Jawi. Malah wonten serial Pecut Sakti Bajrakirana lan serial Badai Laut Selatan ingkang alatar mangsa Mataram Islam lan jaman Airlangga.

Sawetawis sinétron ingkang dipuntayangaken televisi Indonésia ugi gadhah kamiripan cariyos kaliyan novèl Kho Ping Hoo. Ing antawisipun sinétron serial Anglingdarma ingkang mirib kaliyan isi cariyos Bu Kek Siansu lan sinétron serial Misteri Gunung Merapi ingkang mirib kaliyan Alap-alap Laut Kidul (Lindu Aji), lan Bagus Sajiwo. Kamangka wonten ing cariyos aslinipun, Misteri Gunung Merapi langkung gadhah nuansa tlatah Sumatra lan Gunung Sorik Marapi-nipun. Boten mangertos bilih bab punika minangka kaleresan kémawon..

Karya

Serial Bu Kek Sian Su

  1. Bu Kek Sian Su
  2. Suling Emas
  3. Cinta Bernoda Darah
  4. Mutiara Hitam
  5. Pura Pulau Es
  6. Pendekar Bongkok
  7. Pendekar Super Sakti
  8. Sepasang Pedang Iblis
  9. Kisah Sepasang Rajawali
  10. Jodoh Rajawali
  11. Suling Emas dan Naga Siluman
  12. Kisah Pendekar Pulau Es
  13. Suling Naga
  14. Kisah si Bangau Putih
  15. Kisah si Bangau Merah
  16. Si Tangan Sakti
  17. Pusaka Pulau Es

Serial Pedang Kayu Harum

  1. Pedang Kayu Harum
  2. Petualang Asmara
  3. Dewi Maut
  4. Pendekar Lembah Naga
  5. Pendekar Sadis
  6. Harta Karun Jenghis Khan
  7. Siluman Gua Tengkorak
  8. Asmara Berdarah
  9. Pendekar Mata Keranjang
  10. Ang Hong Cu
  11. Jodoh Si Mata Keranjang
  12. Pendekar Kelana

Serial Pendekar Sakti

  1. Pendekar Sakti (Bu Pun Su)
  2. Ang I Niocu
  3. Pendekar Bodoh
  4. Pendekar Remaja

Serial Dewi Sungai Kuning

  1. Dewi Sungai Kuning
  2. Kemelut Karajan Mancu

Serial Gelang Kemala

  1. Gelang Kemala
  2. Dewi Ular
  3. Rajawali Hitam

Serial Pedang Naga Kemala

  1. Pedang Naga Kemala
  2. Pemberontakan Taipeng

Serial Iblis Dan Bidadari

  1. Iblis Dan Bidadari
  2. Lembah Selaksa Bunga

Serial Si Pedang Tumpul

  1. Si Pedang Tumpul
  2. Asmara Si Pedang Tumpul

Serial Sepasang Naga Penakluk Iblis

  1. Sepasang Naga Penakluk Iblis
  2. Bayangan Iblis
  3. Dendam Sembilan Iblis Tua

Serial Sepasang Naga Lembah Iblis

  1. Sepasang Naga Lembah Iblis
  2. Pedang Naga Hitam

Serial Raja Pedang

  1. Raja Pedang
  2. Rajawali Emas
  3. Pendekar Buta
  4. Jaka Lola

Serial Pendekar Tanpa Bayangan (Bu Eng Cu)

  1. Pendekar Tanpa Bayangan (Bu Eng Cu)
  2. Harta Karun Karajan Sung

Serial Pendekar Budiman (Hwa I Enghiong)

  1. Pendekar Budiman (Hwa I Enghiong)
  2. Pedang Penakluk Iblis
  3. Tangan Geledek (Pek Lui Eng)

Judhul Lepas

  1. Rajawali Lembah Huai
  2. Sendhyakala Ning Majapahit
  3. Pendekar Sungai Hoang Ho

Ugi pirsani

Pranala njawi


Tags:

Kho Ping Hoo KaryaKho Ping Hoo Ugi pirsaniKho Ping Hoo Pranala njawiKho Ping Hoo17 Agustus1926199422 JuliIndonésiaSragen

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

1976RNAWayangSurat Adh DhuhaLeonhard EulerWingko babatYenKunthiAksara PégonDStatistikaRanah internet tingkat paling dhuwurTembung sipat195819184581HaarenGiyarswaraKolombiaSitosinAustralian MuseumZinédine ZidaneGubernurAlfabèt KirilAnak Jalanan (sinetron)BisWesiMichael JacksonAbad ping 2Basa InggrisWhatsAppAljabarManchester City F.C.Lawang SèwuMusikXenarthraSegara AegeaSurat As SaffDasarataBung pring petungQatarLaut KaspiaUla marani gebug1903Kerata basaLesmanaAdobe Flash PlayerKoalaWadonSurat Al QiyaamahNusantaraAbadTakbirTimun suriSiramanPeking (gamelan)IndonésiaEugenio MontaleKalimulya, Jakenan, PathiLukisan lengaZona ÉuroJanet Jackson25 NovèmberWuku1Républik Afrika TengahSoekarnoPétrukTélégrafMars🡆 More