Karèt Kebo

Karèt kebo (Ficus elastica) ya iku spésiès tetuwuhan saka génus ficus.

Tuwuhan iki asalé saka India sisih lor-wétan, Népal, Bhutan, Burma, Cina, Malaysia, lan Indonésia. Tuwuhan iki uga banjur wus kasebar ing Sèilon lan Praja Florida, Amérikah Sarékat.

Infobox spesiesKarèt kebo
Ficus elastica
Karèt Kebo
Status konsèrvasi
Spesies jroning kahanan aman
IUCN 116271522 Edit nilai pada Wikidata
Takson
SpesiesFicus elastica
Roxb. ex Hornem. 1819 not Roxb. 1832 nor Roxb. 1814 (the last one not validly published)
Tata nama Pertal
Sinonim takson Pertal
  • Ficus clusiifolia Summerh. 1929 not Schott 1827
  • Ficus cordata Kunth & C.D.Bouché 1846 not Thunb. 1786
  • Ficus elastica var. belgica L.H.Bailey & E.Z.Bailey
  • Ficus elastica var. benghalensis Blume
  • Ficus elastica var. decora Guillaumin
  • Ficus elastica var. karèt (Miq.) Miq.
  • Ficus elastica var. minor Miq.
  • Ficus elastica var. odorata (Miq.) Miq.
  • Ficus elastica var. rubra L.H.Bailey & E.Z.Bailey
  • Ficus karèt (Miq.) King
  • Ficus skytinodermis Summerh.
  • Ficus taeda Kunth & C.D.Bouché
  • Macrophthalma elastica (Roxb. ex Hornem.) Gasp.
  • Visiania elastica (Roxb. ex Hornem.) Gasp.
Modifica les dades a Wikidata

Wedharan

Karèt Kebo 
Godhong karèt kebo

Karèt kebo kalebu golonganing tuwuhan waringin kang dhuwuré bisa nganti 30-40 mèter, malah kepara nganti 60 mèter. Déné watangé bisa nganti 2 mèter. Kango nyengkuyung ukuran kang gedhé mau, kaya déné lumrahé golongané waringin karèt kebo uga duwé oyot gantung. Godhongé kawangun lonjong gumilap warna ijo semu abang, dawané 10–35 cm lan ambané 5–15 cm. Tuwuhan kang isih enom duwé godhong kang luwih amba tinimbang kang wis tuwa. Saliyané kanthi wiji kang tuwuh, karèt kebo uga bisa ditandur kanthi cara stèk.

Kembang lan woh

Kayadéné lumrahé tuwuhan waringin, kembang karèt kebo mbutuhaké pitulungan tawon kanggo penyerbukan. Anané tawon kang wus dadi pasangan tuwuhan iki ndadèkaké kembang karèt kebo ora prelu manèh warna kang apik lan ganda kang wangi kanggo ngundang kéwan gremetan liyané. Wohé karèt kebo wujudé lonjong ijo semu kuning udakara 1 cm.

Budidaya lan piguna

Pethètan

Karèt kebo lumrahé sengaja ditandur kanggo pethètan utawa kanggo éyup-éyup. Kanthi sipat kang rikat anggoné tuwuh, tuwuhan iki bisa kapilih kanggo nanduri papan kang panas.

Wod

Ing Cherrapunji, Meghayala, India sisih lor-wétan, ana sawenèh masarakat kang sengaja mbudidaya karèt kebo kapurih bisa dadi wod ing kali. Wit karèt kebo ditandur ing pinggir kali lan sebrangé, banjur nalika wis tuwuh oyot gantungé kasambung lan katata dadi wod. Nalikané oyot tambah gedhé, bisa kuwat kanggo diliwati manungsa. Déné ing Indonésia, uga tinemu ing Kacamatan Leuwi Damar, Kabupatèn Lebak.

Jamu

Karèt kebo bisa kanggo tamba manéka lelara, kaya ta lara kulit, maag, rématik, nglancaraké getih, lan nyuda rasa lara. Ing godhongé kakandhut senyawa saponin, flavonoid, lan polifenol. Karèt kebo uga duwé kasiyat kanggo tamba stroke. Déné tata carané kanggo jejamu, godhong karèt kebo digodhog nganti suda banyuné, banjur diombé.

Gambar

Rujukan

Tags:

Karèt Kebo WedharanKarèt Kebo Kembang lan wohKarèt Kebo Budidaya lan pigunaKarèt Kebo GambarKarèt Kebo RujukanKarèt KeboBhutanBurmaCinaFloridaIndiaIndonésiaMalaysiaNépalSri LankaTetuwuhan

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Limas (Wangun)KuntibojaEzaki GlicoFC Džiugas76Tokaido Shinkansen1KuwaitSurat Al 'Alaq3Dhaptar dasawarsaLattè1851FassbrauseDinaInternational Standard Serial NumberGRawas Ulu, Musi RawasSerat BimapaksaGrontol4Patih Suwanda7 NovèmberAgus SalimDedi NatadiningratDeng XiaopingChicago, IllinoisMaduISBNOlimpiade Musim Panas 20121899Gunawan SudradjatWong JawaAlsaceAlina KukushkinaSiramanYamaha L2 SuperPaus HyginusUlu Rawas, Musi RawasAngkah, Selemadeg Kulon, Tabanan38Pageblug Covid-19Prejanjèn AnyarMarsEJuan Mataꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃPolen1898IndonesiaFilemBancakan WetonSanna MarinPréfèktur ShizuokaPasisir Kuwaru4 JanuariKerata basaGumunWukuAstinapuraOrbitBasa Inggris2003MinecraftPlutoOlympus MonsDracula (novel)1951Dhaptar julukan negara bagéan Amérika SarékatBeershebaPersiwa Wamena🡆 More