Kanibalisme ya iku lelakoning manungsa mangan daging utawa jeroan manungsa liyané.
Wong sing nglakoni kanibalisme ingaran kanibal. Wedharan bab kanibalisme uga dianggo sajeroning zoologi kanggo ngarani spésies sing mangan kabèh utawa sapérangan awaking spésies liya. Kalebu ing kéné, ana kanibalisme sèksual.
Ing Antilès Cilik, wong Pulo Karib, sing dadi sangkaning tembung kanibalismé, wis lawas kawentar kanthi sebutan para kanibal saka dongèng-dongèng abad 17. Sawenèh kontrovèrsi tuwuh magepokan kentheng orané dongèng-dongèng iku lan wiyah orané lelakon kanibalisme sajeroning budayané. Kanibalisme iku sumrambah ing kala kapungkur, diuri-uri wong-wong manéka papan sadonya. Lelakon iki isih diuri-uri tekan abad 19 sajeroning budaya-budaya kapencil ing Pasifik Kidul, samono uga tekan sapréné ing laladan tropis ing Aprikah. Kanibalisme ing kala iku isih diuri-uri ing Papua Nugini lan sawenèh papan ing Kapuloan Solomon. Pasar daging-dagingan ndhisik sumrambah ing laladan Mélanésia. Fiji kala biyèn malah kondhang ingaran "Pulo Kanibal". Kanibalisme kacathet kanthi apik ing saindenging donya, saka Fiji tekan Banyon Amazon, Kongo, lan Māori ing Selandhia Anyar. Nèndhertal diandel-andel nglakoni kanibalisme, lan diwatara Nèndhertal biyèn dadi pangananing manungsa modhèren anatomis.
Durung suwé iki kanibalisme isih kadadèn sajeroning sawenèh perang, sing banget dikecam. Papan kadadèné mligi ing Libéria lan Kongo. Tumindhak iki uga isih kalakon ing Papua Nugini taun 2012 sajeroning kultus lan ritual peranging suku-suku Mélanésia. Kanibalisme karan kanggo nguji wewatesing rélativisme budaya awit iku nggodha antropolog "kanggo medhar apa waé sing bisa utawa ora bisa ditampa minangka pratingkahing manungsa."
Kanibalisme biyèn kerep dilakoni minangka dalan pungkasaning wong-wong sing karekasan lantaran paceklik. Ing mangsa saiki, kadadèn mangkono uga tau ana. Conto sing paling kawentar ya iku kadadèan sajeroning èkspèdhisi Mangulon Parté Donner (1846-7) sing kapesan saha kasengsaran montor mabur Widya Anggegana Uruguay Aburan 571 (1972). Ing kadadèn iku wong sing slamet mangan awaking para nunggang sing tiwas nedya nyambung urip. Sapérangan wong lara jiwa duwé pratingkah péngin lan tau mangan manungsa, kaya ta Jeffrey Dahmer lan Albert Fish. Ana tangkisan tumrap anggepan resmi manawa kanibalisme minangka lelara jiwa.
Tembung kanibalisme asal saka tembung caníbales, ya iku cara Spanyol kanggo nyebut wong Pulo Karib. Wong Karib iku suku ing Indhia Kulon sing biyèn nglakoni kanibalisme. Jeneng iku dijupuk saka basa Spanyol canibal utawa caribal sing ateges "ganas". Lelakon kanibalisme iki uga diarani antropopagi.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Kanibalisme, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.