Jalak Bali

Jalak Bali gadhah nama Latin Leucopsar rothschildi.

Jalak Bali
Jalak Bali
Jalak Bali ing Kebon Kéwan Brookfield
Jalak Bali
Kadrawasan Gedhé  (IUCN 3.1)
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Passeriformes
Famili: Sturnidae
Génus: Leucopsar
Stresemann, 1912
Spésies: L. rothschildi
Jeneng binomial
Leucopsar rothschildi
Stresemann, 1912

Jalak bali punika nama aslinipun curik bali. Peksi jalak bali punika dawanipun boten langkung saking 25 cm. Kajawi punika ciri sanèsipun inggih punika wulunipun ingkang pethak resik saha wonten ing pucuking buntut saha lar awerna cemeng. Jalak bali gadhah warni biru wonten ing sakupengipun soca saha sikil. Werni punika sangsaya ndamel peksi jalak bali katingal saé. Jalak bali kathah dipunremeni tiyang amargi swantenipun ingkang saé.

Jalak bali punika salah satunggaling kéwan éndemik amargi namung saged kapanggih wonten ing Bali. Nanging wonten ugi jalak bali ingkang gesang wonten ing panggènan sanès, punika amargi jalak bali sampun dipuntengkaraken. Nanging jalak bali ingkang dipuntengkaraken punika namung manggèn wonten kandhang. Panggènan punika kados ta wonten ing Éropah, Jepang, Jawa.

Jalak bali kalebet kéwan ingkang langka amargi kathah ingkang mburu, kejawi punika lingkungan ingkang risak wonten ing Taman Nasional Bali Kilèn. Miturut panalitèn, cacahipun peksi punika namung kantun welasan. Mangsa kawin jalak bali punika nalika wulan Oktober ngantos November. Jalak bali ndamel susoh wonten ing wit-witan ingkang inggilipun kirang saking 175 cm. Jalak bali punika remen semak saha wit-witan ing panggènan ingkang wiyar saha caket kaliyan wana ingkang ngrembuyeng. Nalika rumuyin jalak bali asring ndamel susoh wonten ing kebon klapa sawit caket griya-griya pandhudhuk. Karemenan gesang wonten ing panggènan-panggènan punika ingkang ndadosaken peksi jalak bali gampil dipuncepeng tiyang. Kanggé njagi populasi jalak bali supados boten cures kedah dipuntengkaraken saha njagi habitat jalak bali.

Nalika taun 1991 jalak bali dados lambang fauna Provinsi Bali.

Cathetan suku


Tags:

25BiruCmIrengManukPutihWulu

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Pimchanok Leuwisedpaibool (Fern)KendhangJustin BieberCangkrimanPringCherrybelleSugriwaꦏꦼꦥꦾꦏ꧀PawadonanLuna Mayaꦏꦼꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀Sidratul muntahaTembung panyeruIndonesia SuburWisanggeniTembung éntarKodhokTresnaWangsa SyailéndraSunan GiriSutan SyahrirAwu vulkanikIftarWikiquoteToby AlderweireldBedhugCatherine WilsonMohammad Husni ThamrinMikroblogTedhak sitènIvar Jennerꦖꦼꦩ꧀ꦥꦭStephen ChowMesirRowan AtkinsonMijilPurwakanthiWiji jagungNirvanaKerata basaHasan al-BashriTedhak jadah pitung warnaLos AngelesHypertext markup language2 Dhésèmberꦄꦱ꧀ꦥꦭ꧀TumpengSurat Al QadrDNAPanambangArjunaPerang BadarSerat CenthiniZlatan IbrahimovićWandaReal BetisWangsalanWikipédia basa JawaJawaThe SimpsonsAmérika SarékatAl-QaédaKetéla pohungBagimu NegeriSurat At TaubahMinato, TokyoUniversitas Sam RatulangiWikiGendèrBarabudhur🡆 More